Cara Analisis Data PETANGAN JAWI WONTEN MASARAKAT DHUSUN KERTOPATEN WIROKERTEN BANGUNTAPAN BANTUL.

Kajawi triangulasi, kangge ngesahaken data panaliten menika ugi ngginakaken check data. Miturut Endrasawara 2011:107, kanthi cara check data malih dening panaliti, sasampunipun data kasusun sedaya lajeng dipunsuwunaken pirsa dhateng informan. Menawi informan sampun sarujuk kaliyen display data menika, pramila data ingkang sampun dipunpanggihaken menika saged dipunsebat sah. BAB IV ASILING PANALITEN

A. Petangan ingkang Taksih Dipunginakaken wonten Dhusun Kertopaten

Sanajan samenika jaman sampun sarwi majeng, teknologi sampun ngrembaka, ananging taksih wonten saperangan bab saking tilaran jaman rumiyin ingkang dumugi wanci menika taksih lestantun lan taksih kathah ingkang ngginakaken. Tuladhanipun inggih menika bab petangan saha titenan. Tradhisi petangan saha titenan menika sampun dipunginakaken awit jaman rumiyin, dumugi samenika rikala jaman sampun majeng petangan lan titenan menika taksih wonten, taksih dipunginakaken. Petangan-petangan saha titenan tilaran saking jaman rumiyin menika gadhah mupangat kathah sanget, pramila saking menika boten sekedhik tiyang Jawi ingkang taksih ngginakaken petangan saha titenan menika dumugi jaman samenika. Tuladhanipun wonten Dhusun Kertopaten, Wirokerten, Banguntapan, Bantul. Wonten dhusun menika masarakat taksih kathah ingkang pitados lan ngginakaken petangan saha titenan menika. Kados ingkang dipunandharaken dening informan menika, “...nek wong nggone dhewe isih okeh mas sing nganggo. Senajan umpama wonge dhewe kuwi raisa, paling ora mesthi tekon apa kon ngetungke wong tuwa sing isa. Umume sing paling isih digunakke kuwi nek ngetung nggon manten,kaya ngetung jodho, nggoleki dina ijab, jam ijab. Nek liyane bangsane nggon sripah, mbangun omah, pindhah omah, nggoleki barang ilang, nggolek tamba, lelungan, bayen, tetanen kuwi wis ra patiya okeh. Apa meneh nggon tetanen kuwi mas, saiki wis arang dinggo mergane saiki mangsane wis beda karo jaman biyen. Nek jaman biyen isa dititeni nek mangsa semene kuwi wayah udan, mangsa semene wayah ketiga,dadi nek dietung ya isa pas tenan. Lha nek saiki mangsane wis ra mesthi, umpama arep tandur pari wis dietung, miturut itungan cocok apik, 25