Wonten minggu katiga sagedipun ijab dinten Selasa

2. Rejeki

Rejeki tegesipun rejekinipun sae utawi pinter golek pangupajiwa, pramila wonten petangan bab manten menika menawi petanganipun dhawah wonten rejeki, tegesipun temanten kekalih samangkih pinaringan gangsar anggenipun pados pangupajiwa, menika ugi sae kados dene Sri.

3. Gedhong

Gedhong tegesipun gedhung utawi bangunan. Ananging wonten babagan petangan manten menika gedhong ngemu teges kuwat dadi wong sugih. Kuwat dadi wong sugih menika saged dipunandharaken bilih temanten kekalih menika boten boros, rejekinipun kathah ananging boten sombong, lan ugi terpandang.

4. Lara

Lara tegesipun sakit. Ananging wonten babagan menika ugi saged dipunwastani seret, kirang lancar, pramila menawi wonten petangan manten menika dhawah wonten lara, menika tegesipun kirang sae. Saged mangkih temanten kekalih menika asring lara utawi sakit, lan saged ugi temanten kekalih anggenipun pados rejeki menika seret, kirang lancar.

5. Pati

Pati tegesipun mati. Ingkang dipunwastani mati wonten babagan menika boten namung mati ingkang ateges pejah nyawanipun. Ananging saged ugi mati menika ingkang mati rejekinipun. Menika ingkang boten dipunkajengaken. Pramila menawi saderengipun ijab, dipunetang rumiyin ingkang temenan, sampun ngantos dhawah wonten petangan pati menika. Andharan ing nginggil menika ugi jumbuh kaliyan ingkang kaserat wonten Kitab Primbon Betaljemur Adammakna 2013:15 ingkang nyebataken bilih: 1. yen turah 1, sri tegese slamet lumintu rejekine; 2. yen turah 2, lungguh tegese duwe pangkat; 3. yen turah 3, gedhong tegese sugih; 4. yen turah 4, lara tegese kangelan; 5. yen turah 5, pati tegese sangsara utawa kerep kepaten. Saking andharan informan kaliyan saking Kitab Primbon Betaljemur Adammakna menika, saged dipunpundhut dudutan bilih nilai ingkang dipunginakaken mara inggih menika 5, ingkang tegesipun sami senajan wonten beda setunggal tembung antawis rejeki kaliyan lungguh, ananging menika tegesipun sami sae. Menawi sampun mangertos tegesipun saking tembung sri, rejeki, gedhong, lara lan pati, salajengipun badhe kaandharaken caranipun ngginakaken petangan menika. Caranipun, petangan neptonipun temanten kekalih menika dipungunggung, lajeng dipunpara 5 sri, rejeki, gedhong, lara, pati. Menawi sampun, lajeng dipunpadosi dinten ingkang cocok kaliyan asil petangan neptonipun teamanten kekalih menika wau. Tualadhanipun :

a. Neptonipun temanten kekalih

Jaler : minggu legi = 10 21 : 5 = 5,5,5,5 tirah 1 =Sri