BAB IV ASILING PANALITEN
A. Petangan ingkang Taksih Dipunginakaken wonten Dhusun Kertopaten
Sanajan samenika jaman sampun sarwi majeng, teknologi sampun ngrembaka, ananging taksih wonten saperangan bab saking tilaran jaman rumiyin
ingkang dumugi wanci menika taksih lestantun lan taksih kathah ingkang ngginakaken. Tuladhanipun inggih menika bab petangan saha titenan. Tradhisi
petangan saha titenan menika sampun dipunginakaken awit jaman rumiyin, dumugi samenika rikala jaman sampun majeng petangan lan titenan menika taksih
wonten, taksih dipunginakaken. Petangan-petangan saha titenan tilaran saking jaman rumiyin menika
gadhah mupangat kathah sanget, pramila saking menika boten sekedhik tiyang Jawi ingkang taksih ngginakaken petangan saha titenan menika dumugi jaman
samenika. Tuladhanipun wonten Dhusun Kertopaten, Wirokerten, Banguntapan, Bantul. Wonten dhusun menika masarakat taksih kathah ingkang pitados lan
ngginakaken petangan saha titenan menika. Kados ingkang dipunandharaken dening informan menika,
“...nek wong nggone dhewe isih okeh mas sing nganggo. Senajan umpama wonge dhewe kuwi raisa, paling ora mesthi tekon apa kon ngetungke
wong tuwa sing isa. Umume sing paling isih digunakke kuwi nek ngetung nggon manten,kaya ngetung jodho, nggoleki dina ijab, jam ijab. Nek
liyane bangsane nggon sripah, mbangun omah, pindhah omah, nggoleki barang ilang, nggolek tamba, lelungan, bayen, tetanen kuwi wis ra patiya
okeh. Apa meneh nggon tetanen kuwi mas, saiki wis arang dinggo mergane saiki mangsane wis beda karo jaman biyen. Nek jaman biyen isa
dititeni nek mangsa semene kuwi wayah udan, mangsa semene wayah ketiga,dadi nek dietung ya isa pas tenan. Lha nek saiki mangsane wis ra
mesthi, umpama arep tandur pari wis dietung, miturut itungan cocok apik,
25
jebul ngerti-ngerti udan terus, pa malah ra udan-udan nakyo wis geseh kuwi.” CLW 03
Miturut andaharan menika saged dipundudut menawi petangan ingkang
taksih dipunginakaken wonten Dhusun Kertopaten menika antawisipun: 1.
petangan wonten manten, 2.
sripah, 3.
damel griya, 4.
pindhah griya, 5.
pados barang ical, 6.
pados sebab saha tamba lelara, 7.
lelungan, 8.
bayen, lan 9.
tetanen. Wonten pagesangan saben dinten, petangan-petangan menika taksih asring
dipunginakaken kaliyan warga masarakat dhusun Kertopaten. Tegesipun dipunginakaken wonten mriki inggih menika tiyang menika saged ngginakaken
piyambak petangan menika, utawi menawi tiyang menika boten saged ngginakaken petangan piyambak, tiyang menika nyuwun pirsa utawi nyuwun
tulung tiyang sanes ingkang saged supados ngetangaken. Tuladhanipun menawi badhe ngayahi jejibahan kados dene mantu, damel griya, pindhah griya, tetanem
lan sanesipun menika wau.
B. Ginanipun Petangan Jawi
Saben-saben petangan Jawi menika gadhah fungsi saha ginanipun piyambak-piyambak. Wonten ngandhap menika badhe kaandharaken ginanipun
petangan Jawi.
1. Petangan wonten bab manten
Wonten petangan babagan manten menika, ginanipun petangan kangge madosi utawi nemtokaken dinten ingkang sae kangge nglampahaken prosesi
mantenan, kados dene nemtokaken dinten ingkang sae kangge lamaran, pasok tukon, pasang tarub, midadareni, ijab qabul lan boyongan. Lan ugi petangan
wonten bab manten menika saged kangge nemtokaken saat wekdal utawi jam saha arah lampahipun ingkang sae kanggen nindakaken prosesi menika, kados ingkang
dipunandharaken dening nforman menika: “Gunane petungan nggon manten iki intine nggo nemtokke dina sing apik.
Dina sing apik nggo lamaran, pasok tukon, pasang tarub, midadareni, ijab qabul, karo boyongan. Petungane iki ya isa nggo nemtokke jam e sing
apik jam pira, karo arah lakune sing apik ki arah ngendi, kuwi isa digoleki.” CLW 01
2. Petangan wonten bab sripah
Wonten petangan bab sripah menika, ginanipun petangan kangge nemtokaken dinten ingkang pas menawi badhe ngawontenaken pengetan
sedanipun tiyang. Pengetan ingkang dipunwontenaken umumipun saking pengetan tigang dinten sedanipun, pitung dinten sedanipun, 40 dinten sedanipun,
100 dinten sedanipun, setunggal taun sedanipun, kalih taun sedanipun lan ingkang pungkasan 1000 dinten sedanipun. Andharan menika jumbuh kaliyan andharan
informan :