Dinten Pasaran Nemtokaken Arah Laku Lamaran

Legi : Wetan Saengga laku ingkang sae menika boten arah ngetan. Ananging malah kejaba ngetan , umpami ngilen, ngaler utawi ngidul. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “carane nggoleki arah laku nek nggon petungan manten kuwi gampang, ming walikane mas. Umpama arep lamaran minggu legi, minggu kuwi ngalor ngetan, legi ya ngetan. Berarti minggu legi kuwi arah lakune sing penting ora ngalor ngetan karo ngetan. Saumpama lakune omahe sing arep dilamar kok kudu ngetan, biasane le ngakali mlebune desane seko kidul, seko elor, pa seko wetan, sing penting mlebune ora arah ngalor ngetan utawa ngetan.” CLW 03 Saking andharan menika saged dipunpundhut dudutan bilih saumpami wonten kasunyatan arah dalemipun ingkang badhe dipunlamar ngetan, saged dipun akali. Caranipun anggenipun mlebet dhusunipun menika saking kidul dhusun, menapa wetan dhusun, ingkang baku mlebetipun dhusun menika boten arah ngetan.

B. Pasok Tukon

Anggenipun nemtokaken dinten, saat kaliyan arah rikala badhe pasok tukon, pathokanipun sami kaliyan badhe lamaran. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Pathokane nek arep nggoleki dina, saat, laku nggo lamaran, pasok tukon, kuwi padha mas.” CLW 03

1. Nemtokaken Dinten

Titenaipun sami, a. Kliwon : Peteng b. Legi : Padhang c. Paing : Umuk d. Pon : Ora cucuk karo kasunyatan e. Wage : Prasaja Saengga menawi badhe pasok tukon saenipun boten ngepasi pasaran Kliwon, Paing utawi Pon. Amargi pasaran menika titenanipun kirang sae.

2. Nemtokaken saat wekdal utawi jam pasok tukon

Anggenipun nemtokaken saat , pathokanipun sami. Kados ingkang dipunandharaken informan: “Pathokane nek arep nggoleki dina, saat, laku nggo lamaran, pasok tukon, kuwi padha mas.” CLW 03 Pathokanipun: 1. Sore : Jam 16.00 – 23.00 2. Tengah wengi : Jam 24.00 – 07.00 3. Bangun : Jam 08.00 – 15.00 Saumpami sampun dipuntemtoaken pasok tukon menika dinten minggu wage. Minggu :5 9 : 3 = 3, 3, 3 genep boten tirah “Bangun” Wage : 4 Saengga saat ingkang pas inggih menika bangun antawisipun Jam 08.00 enjing dumugi jam 15.00 utawi jam 3 sonten. Kados dene inggil wau, menawi nemtokaken saat wekdal pasok tukon menika kedah ngginakaken saat wekdal ingkang limrah wonten pagesangan.

3. Nemtokaken arah laku

Wonten babagan menapa kemawon, anggenipun nemtokaken arah laku pathokanipun sami. Amargi miturut Kitab Primbon Betaljemur Adammakna 2013: 6 ngandharaken bilih saben-saben dinten menika panggenanipun sami, boten owah, inggih menika kados menika:

a. Dinten

Senin = Ler Kilen Selasa = Kidul Kilen Rebo = Kilen Kemis = Wetan Kidul Jumat = Ler Setu = Kidul Minggu = Ler Wetan

b. Pasaran

Legi = Wetan Paing = Kidul Pon = Kilen Wage = Ler Kliwon = Tengah Caranipun ngginakaken inggih menika : Sampun dipuntemtokaken badhe pasok tukon minggu wage. Lajeng dipunpadosi arahipun. Minggu: Ngaler ngetan Wage : Ngaler