Petangan wonten damel griya Petangan wonten pindhah griya

“Gunane petungan nggon dinggo nggoleki sebab penyakit ki ya dinggo nggeloki sebab penyakit, le nggoleki sebabe kuwi nganggo pathokan dina kerasa le lara. Nek uwis ketemu penyebabe terus isa ditentokne tambane ki apa, le golek tamba arah ngendi sing pas ben tambane isa mujarab.” CLW 01

7. Petangan wonten bab lelungan

Lelungan menika wonten kalih jinis, ingkang setunggal lelungan ingkang wigati, lajeng ingkang angka kalih lelungan saben dinten. Menawi lelungan wigati menika lelungan ingkang wonten ancas ingkang wigati, tuladhanipun lamaran, pasok tukon, boyongan, nagih utang, pados pedamelan, lan sanesipun. Menawi lelungan ingkang saben dinten inggih menika lelungan ingkang dipuntindakaken saben dinten, kados dene sekolah, nyambut damel, dolan, lan sanesipun. Wonten petangan babagan lelungan menika, ginanipun petangan inggih menika kangge nemtokaken dinten ingkang sae kangge lelungan, saat wekdal utawi jam ingkang sae menawi badhe lelungan, lan kangge nemtokaken arah lampah utawi lakunipun menawi badhe lelungan. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunadharaken dening informan: “Gunane petungan nggon bab lelungan iki, dinggo nggoleki dina sing pas, dina sing apik nggo lunga sing ana tujuan penting, umpama lamaran, pasok tukon, nagih utang, golek gawean. Terus petungane iki isa dinggo nemtokake jam sing pas, sing apik nggo lunga ki jam pira, karo arah lakune sing pas kui arah ngendi.”CLW 01

8. Petangan wonten bab bayen

Wonten petangan bab bayen menika, ginanipun petangan namung sekedhik, inggih menika namung kangge ngira-ngira saat wekdal utawi jam bayi menika lair lan kangge niteni watak bayi miturut sasi lairipun. Kados ingkang dipunandharaken informan: “Petungan nggon bayen iki ora akeh mas, anane petungan nggo ngira- ngira bayi lair,karo titenan watake bocah miturut sasi laire.” CLW 07

9. Petangan wonten bab tetanen

Wonten petangan bab tetanen menika, ginanipun petangan inggih menika kangge madosi dinten ingkang sae, saat ingkang sae, lan arah ingkang sae menawi badhe miwit tandur utawi miwiti panen. Ananging petangan menika adatsabenipun dipunginakaken menawi ingkang badhe dipuntandhur utawi ingkang badhe dipunpanen menika pantun. Andharan menika jumbuh kaliyan andharan informan : “Gunane petungan nggon bab tetanen iki dinggo ngetung, nggoleki dina sing apik, nggoleki saat sing apik karo nggoleki arah sing apik nek arep miwit tandur apa miwiti panen. Ning biasane sing dietung nganggo petungan ki nek sing arep ditandur apa sing dipanen pari, nek liyane ora dietung.” CLW 07

C. Caranipun ngginakake petangan

1. Petangan ingkang dipuginakaken wonten Manten A.

Lamaran 1. Nemtokaken Dinten Lamaran Saderengipun nindakaken lamaran, saenipun nemtokaken dinten ingkang pas kangge lamaran. Wonten dhusun Kertopaten menawi badhe lamaran namung nggatosaken pasaran, amargi miturut kapitadosan warga saben-saben pasaran menika wonten titenanipun, a. Kliwon : Peteng b. Legi : Padhang c. Paing : Umuk d. Pon : Ora cucuk karo kasunyatan