Dinten Pasaran Nemtokaken arah laku

Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Nek nggon masang tarub kuwi titenan dinane padha kaya lamaran, pasok tukon. Ning le nganggo beda mas, biasane nek pasang tarub kuwi milih pasaran paing. Paing kuwi nek nggo lamaran, pasok tukon tegese umuk, elek. Ning nek dinggo pasang tarub paing kuwi malah apik, umuk tegese ketoke wah, senajan asline biasa-biasa wae ning nek wong ndelok kuwi ketok mewah, ngono sing dikarepake. Walikane karo wage, nek nggon lamaran wage cen apik, prasaja apa anane, ning nek nggo pasang tarub wage kuwi kurang pas, mengko ndak tarube meng ketok biyasa, apa anane, ora mewah.” CLW 03 Saking andharan menika saged dipunpundhut dudutan bilih, warga Kertopaten, Wirokerten, Banguntapan, Bantul menawi pasang tarub asring milih pasaran paing utawi legi, boten pas pasaran wage.

D. Midadareni

Wonten babagan midadareni menika boten wonten petangan kangge madosi dinten, amargi midadareni adatsabenipun dipunlampahaken setunggal dinten saderengipun ijab qabul. Dadosipun dinten manud kaliyan ijab. Ingkang dipunpadosi namung saat utawi wekdal kangge nglampahaken midadareni menika. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Nek midadareni biyasane ming manud dina ijab mas, umpama ijabe setu legi, biyasane le midadareni jumat kliwon. Sing digoleki biyasane mung saate sing pas nggo midadareni.” CLW 03 Anggenipun madosi saat midadareni menika sami kaliyan sanesipun, petangan dinten kaliyan pasaran dipungunggung lajeng dipunpara 3 Sore,Tengah wengi, Bangun. Tuladhanipun : Ijab sampun dipuntemtokaken dinten setu legi. Pramila midadareni dipunlapahaken dinten jumat kliwon. Jumat : 6 14 : 3 = 3, 3, 3, 3 tirah 2 Kliwon : 8 Tirah 2 tegesipun dhawah wonten tengah wengi 24.00 – 07.00.Kados dene sanesipun, menawi sampun dipunetang dhawahipun saat wekdal boten limrah, langkung sae pados dinten sanesipun ingkang saged dhawah wonten saat wekdal ingkang limrah. Tuladhanipun menawi sampun dipuntemtokaken dinten ijab setu legi, langkung sae midodareni dipunlampahaken kemis wage. Kemis : 8 12 : 3 = 3, 3, 3, 3 genep Wage : 4 Dhawah wonten saat wekdal bangun 08.00 – 15.00 langkung sae tinimbang diten jumat kliwon ingkang dhawah saat wekdal tengah wengi 24.00 – 07.00.

E. Ijab Qabul

Wonten adicara manten, ijab qabul menika minangka adicara ingkang paling sakral, paling wigati, pramila saking menika anggenipun nemtokaken kapan badhe ijab boten pareng ngawur, supados rikala adicara ijab boten wonten alangan lan ingkang langkung wigati benjing temanten kekalih ingkang dipunijabaken saged dados kaluarga ingkang sakinah mawaddah wa rahmah. Lan ugi saderengipun madosi dinten kangge nglampahaken ijab wonten saperangan babagan ingkang kedah dipungatosaken,kados ingkang dipunandharaken dening informan ngandhap menika: