Pasaran Petangan ingkang dipunginakaken wonten bab lelungan

b. Nemtokaken saat wekdal utawi jam

Anggenipun nemtokaken saat wekdal utawi jam ingkang sae caranipun sami, inggih menika petangan dinten kaliyan pasaran dipungunggung lajeng dipunpara 3, sore, tengah wengi bangun. Kados ingkang dipunandharaken kaliyan informan : “carane nggoleki saat, wektu sing pas kuwi kabeh padha mas,carane neptone dina ro pasaran dijumlah, trus dibagi 3, sore, tengah wengi, bangun.” CLW 05 Saumpami sampun dipuntemtokaken badhe nagih dinten rebo legi Rebo : 7 12 : 3= 3,3,3,3 Genep = Bangun 08.00 – 15.00 Legi : 5 Saengga saat utawi jam ingkang sae inggih menika antawis jam 8 enjing dumugi jam 3 sonten. Ananging menawi badhe nemtokaken jam rumiyin, saumpami badhe nagih jam 7 dalu, pramila anggenipun milih dinten ingkang kira-kira menawi dipunpadosi saatipun dhawah wanci sore 16.00 – 23.00 . Tuladha III. Lelungan saben dinten Wonten lelungan utawi tindak ing saben dinten, boten nggatosaken titenan dinten ingkang sae kangge tindak. Amargi menika dipunlampahaken saben dinten. Wonten tindakan ing saben dinten menika namung nggatosaken dinten pringkel utawi apesipun, lan dinten geblakipun tiyang sepuh menawi tiyang sepuhuipun sampun seda. Kados ingkang dipunandharaken dening informan: “Lha nek lelungan sing saben dina, kuwi nak pendak dina, ra perlu golek dina sing apik, jam sing pas to mas, ning kudu nggatekke dina pringkel e karo dina geblake wong tuane nek wong tuane ana sing wis seda.” CLW 07 Saumpami tiyang neptonipun jumat kliwon, pramila pringkelipun dinten selasa wage. Menawi dinten selasa wage, tiyang menika kedah langkung setiti, langkung waspada tinimbang dinten sanesipun. Amargi rikala dinten pringkelipun, tiyang menika adatsabenipun radi apes tinimbang dinten sanesipun, pramila menawi nglampahaken pakaryan padintenan rikala dinten pringkelipun, tiyang menika kedah langkung waspada, langkung setiti tinimbang dinten sanedipun, supados boten patos apesipun. Salajengipun ugi kedah nggatosaken geblakipun utawi dinten sedanipun tiyang sepuh menawi tiyang sepuhipun sampun seda. Kenging menapa kedah nggatosaken geblakipun, amargi menawi geblakipun tiyang sepuh menika kedah dipunurmati, lan trekadhang tiyang menika ugi saged radi apes menawi boten setiti. Andharan menika jumbuh kaliyan prathelan informan : “Ngapa kok kudu nggatekake pringkel karo geblake wong tua, soale nek pas pringkel kuwi awake dhewe sok apes mas, tur nek pas pringkel kuwi umpama kepukul tangane ya, kuwi larane ra umum mas, beda karo nek dina biasa. Mulane kuwi kudu luwih setiti, luwih ngati-ati. Karo nek pas geblake wong tua kuwi ya kudu setiti, ngati-ati.”CLW 07

8. Petangan ingkang dipunginakaken wonten babaran

Petangan wonten bab babaran utawi bayen menika boten kathah. Namung wonten petangan kangge madosi perkiraan jam lair, lan titenan-titenan watak bayi miturut sasi lairipun. Ananging menika sedaya saged dipunginakaken menawi wonten kawontenan normal. Andharan menika jumbuh jumbuh kaliyan prathelan informan : “Petungan nggon bayen iki ora akeh mas, anane petungan nggo ngira2 bayi lair, karo titenan watake bocah miturut sasi laire. Kuwi we sarate kudu keadaan normal lho mas, nek wis ra normal kuwi petungane iki raisa