Data Primer Informan Panaliten

kaliyan para informan kanthi pitakenan-pitakenan ingkang langkung wiyar, supados data ingkang dipunkajengaken panaliti saged akurat. Basa ingkang dipunginakaken wonten wawancara inggih menika basa Jawi ragam krama kaliyan ragam ngoko alus.

E. Piranti Panaliten

Wonten panaliten menika piranti ingkang dipunginakaken boten kathah. Ingkang angka setunggal inggih menika panaliti piyambak, minangka participant observation, lajeng wonten pedoman wawancara, saha handphone kangge ngrekam wawancara kaliyan narasumber.

F. Cara Analisis Data

Sasampunipun data menika dipunpanggihaken, mila prelu wonten proses analisis data, supados saged pikantuk dudutan saking panaliten menika. Analisis data inggih menika kagiyatan kangge neliti data, saengga saget pikantuk asil leres menapa boten saking hipotesis. Ngengeti panaliten menika kagolong panaliten kualitatif, pramila anggenipun nganalisis data wonten panaliten menika ngginakaken analisis data induktif, kados ingkang dipunandharaken Ghony 201:34 bilih “penelitian kualitatif mengutamakan analisis data secara induktif dari lapangan tertentu yang bersifat khusus, untuk ditarik suatu proposisi atau teori yang dapat digeneralisasikan secara luas”. Tegesipun analisis menika sasampunipun sedaya data sampun dipunkepalaken, lajeng saking data menika dipunpundhut dudutan saking data-data ingkang asipat mligi, lajeng dipuntarik generalisasi-generalisasi ingkang asipat umum.

G. Cara Ngesahaken Data

Cara ngesahaken data wonten panaliten menika miturut Endraswara 2011:107, wonten 4 inggih menika triangulasi triangulasi datasumber, triangulasi metode, saha triangulasi teori, check data, member check, saha review mitra bestari. Wonten panaliten kualitatif, triangulasi menika ngrujuk dhateng pangempalan data sakathahipun saking menapa kemawon sumber tiyang,alam, lan kadadosan. Cara triangulasi saha check data ingkang dipunginakaken kangge ngesahaken data miturut Endraswara 2009:224, inggih menika ngambali utawi klarifikasi kanthi maneka warni sumber. Cara triangulasi ingkang dipunginakaken inggih menika cara triangulasi sumber saha metode. Cara triangulasi sumber, inggih menika madosi data saking kathahing informan, tiyang ingkang katingal langsung kaliyan objek kajian. Miturut Endraswara 2006:110, triangulasi sumber inggih menika cara ngempalaken data saking sumber informan utawi narasumber ingkang sampun dipuntemtokaken saha dipunanggep saged paring katrangan babagan objek ingkang dipunteliti. Triangulasi metode inggih menika cara ingkang dipunlampahaken kanthi nandhingaken data ganda inggih menika arupi pengamatan, wawanrembag, saha analisis dokumen supados pikantuk data ingkang jumbuh kaliyan wosing perkawis panaliten. Wonten ing Endraswara 2006:110, triangulasi metode inggih menika ngempalaken data kanthi ngginakaken maneka warni metode. Data saged dipunsebat sah nalika sampun ngantos data jenuh saengga gadhah drajat kapitadosan ingkang inggil lan saged dipuntanggeljawabaken.