Petangan ingkang dipunginakaken wonten damel griya

ayem, ingkang manggen saged lelaranen. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “sarat sing nomer loro, ander utawa cagak molo kuwi kudu genep. Sebabe nek ra genep yo kuwi mau padha, omahe dinggo rasane ra kepenak, ra tentrem, lelaranen. Tur meneh nek ra genep mengko ndak dionekke kabotan empyak kurang cagak.” CLW 05 Menawi sarat wonten nginggil menika sampun dipungatosaken, salajengipun wonten 3 petangan ingkang dipunginakaken rikala damel griya. Petanganipun inggih menika :

1. Wiwit ngedhuk pondhasi

a. Nemtokaken dinten

Anggenipun pados dinten ingkang sae kangge miwiti ngedhuk pondhasi, pathokanipun ngginakaken neptonipun tiyang ingkang niat damel griya menika. Caranipun, pados dinten ingkang sami gunggungipun kaliyan neptonipun. Lajeng dipunpara 5 sri “mulya”, rejeki “pinter golek pangupajiwa”, gedhong “kuat dadi wong sugih”, lara “laraseret” lan pati “mati”. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Nggoleki dina miwiti ngeduk pondhasi kuwi pathokane nganggo neptone sing arep gawe omah. Carane digoleki dina sing petungane padha karo neptone. Umpama neptone minggu legi, jumlahe 10 ta kuwi, golek dina sing jumlahe ya 10. Umpama Jumat Wage. Terus bar kui dipara 5 Sri, rejeki, gedhong, lara, pati.” CLW 05 Langkung cetha dipunterangaken ngandhap menika: Neptonipun ingkang damel griya : minggu legi Minggu = 5 Legi = 5 Dipunpadosi dinten sanesipun minggu legi ingkang gunggungipun 10. Pilian dinten ingkang gunggungipun sami 10 inggih menika : selasa pon lan Jumat wage. Dipunpilih dinten jumat wage. Jumat : 6 10 : 5 = 5,5 Genep. Pati “Mati” Wage : 4 Dhawahipun wonten pati “mati”. Menika boten sae. Menawi kados menika, petanganipun boten saged sae, amargi saking neptonipun ingkang damel griya minggu legi gunggungipun 10. Menawi dipunpara 5 dhawahipun wonten pati. Dados menawi dipunpadosi dinten sanes ingkang sami gunggung petanganipun ugi sami dhawahipun wonten pati ingkang ateges mati, boten sae. Ananging menika saged dipunewahi, kanthi cara nepton ingkang damel griya dipun gunggung kaliyan dinten ingkang petanganipun saged sae, saumpami dinten ingkang gunggung petanganipun 11,12 utawi 13. Tuladhanipun dinten jumat legi, kemis wage, minggu kliwon, supados samangkih menawi dipunpara 5 petanganipun sae. Kados ingkang dipunadharaken informan : “Umpama neptone sing duwe omah kuwi dietung kok ra isa ketemu apik, carane ora golek dina sing jumlahe padha, ning golek dina sing jumlahe 11,12 apa 13. Umpama Jumat Legi, Kamis Wage, apa Minggu Kliwon. Bar kuwi dijumlahke karo neptone mau. Mesthi ketemune apik.” CLW 05 Langkung cetha kados ing ngandhap menika : Saumpami ngginakaken dinten jumat legi Minggu : 5 10 Legi : 5