Pasaran Wiwit ngedhuk pondhasi

Kangge madosi dinten saha saat wekdal utawi jam wonten pasang molo menika sami kados sanesipun, inggih menika ngginakaken petangan nepton lair ingkang kagungan griya. Saking nepton lair menika dipunpadosi dinten sanes ingkang gunggung petanganipun sami, lajeng dipunpara 5 sri “mulya”, rejeki “pinter golek pangupajiwa”, gedhong “kuat dadi wong sugih”, lara “laraseret” lan pati “mati”. Lajeng kangge madosi saat wekdal utawi jam caranipun gunggung petangan dinten menika dipun para 3, sore, tengah wengi, bangun. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “ngetung dina nggo munggah molo padha mas, digoleki dina sing padha jumlahe ro nepton lair, trus dibaagi 5 sri, rejeki, gedhong, lara, pati. Terus nggo golek saate ya padha, jumlahe dina kuwi mau dibagi 3 sore, tengah wengi, bangun.” CLW 05 Langkung cetha dipunadharaken ing ngandhap menika

a. Madosi dinten kangge pasang molo

Saumpami neptonipun ingkang kagungan griya menika setu wage. Setu : 9 13 Wage : 4 Dipunpadosi dinten sanesipun ingkang sami gunggungipun 13. Pilian dinten ingkang sami gunggungipun 13 antawisipun : kemis legi, jumat pon, minggu kliwon. Saumpami ingkang dipunpilih minggu kliwon. Minggu : 5 13 : 5 5,5, tirah 3= Gedhong kuat dadi wong sugih sae Kliwon : 8 Saengga ingkang sae anggenipun pasang molo dinten minggu kliwon. Menika asil petanganipun sae.

b. Madosi saat wekdal utawi jam

Menawi sampun dipuntemtokaken dinten kangge pasang molo dinten minggu kliwon, salajengipun madosi saat wekdal utawi jam, pathokanipun sami kados sanesipun. Andharan menika jumbuh kaliiyan ingkang dipunandharaken informan : “Terus nggo golek saate ya padha, jumlahe dina kuwi mau dibagi 3 sore, tengah wengi, bangun.”CLW 05 Pathokanipun kados menika : 1. Sore : Jam 16.00 – 23.00 2. Tengah wengi : Jam 24.00 – 07.00 3. Bangun : Jam 08.00 – 15.00 Anggenipun madosi saat wekdal utawi jam sami kaliyan sanesipun inggih menika gunggungipun dinten lan pasaran pinten, lajeng dipunpara 3 sore, tengah wengi, bangun, kados menika : Minggu : 5 13 : 3 3,3,3,3 tirah 1= Sore 16.00 – 23.00 Kliwon : 8 Saengga ingkang pas anggenipun pasang molo antawis jam 16.00 utawi 4 sore dumugi 23.00 utawi 11 dalu.