Pengetan 2 taun sedanipun Petangan ingkang Dipunginakaken wonten Sripah

Ing masarakat Jawi wonten saperangan bab ingkang kedah dipungatosaken menawi badhe damel griya, antawisipun :

1. Dereng mantu boten pareng damel griya

Tegeseipun, menawi tiyang menika dereng nate utawi dereng gadhah mantu, dereng pareng damel griya. Amargi miturut kapitadosan menawi ingkang dereng mantu menika damel griya, griya menika menawi dipunggeni raosipun kirang sekeca, kirang tentrem, lan ugi malah saged ingkang manggen menika lelaranen. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “sarate nek arep gawe omah kuwi ana loro mas, sing kepisan kuwi nek urung mantu, urung oleh gawe omah. Sebabe omah kuwi mengko nek dinggo rasane ra kepenak, ra ayem, ra jenak, malah isa sing manggon kuwi lelaranen ra mari-mari.” CLW 05 Ananging sarat menika saged dipunakali, caranipun niat anggenipun damel griya menika dipunwakilaken dhateng tiyang ingkang sampun nate mantu, tuladhanipun tiyang sepuhipun, utawi menawi tukang ingkang mbangun griya menika sampun nate mantu, saged mawon niat damel griya menika dipunwakilaken dhateng tukang menika. Ingkang pokok niatipun dipunwakilaken dhateng tiyang ingkang sampun nate mantu. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “nek wis mampu apa pengin tenan gawe omah ning urung mantu, isa wae kuwi diakali mas, carane niate gawe omah kuwi diwakilke, apa diwakilke bapakne, ibune, apa tukange we ya oleh kok, sing penting wong sing wis tau mantu.” CLW 05

2. Ander gunggungipun kedah genep

Ander utawi cagak molo gunggungipun kedah genep. Amarga menawi boten genep, griya menika ugi raosipun boten sekeca, boten nemtremaken, boten ayem, ingkang manggen saged lelaranen. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “sarat sing nomer loro, ander utawa cagak molo kuwi kudu genep. Sebabe nek ra genep yo kuwi mau padha, omahe dinggo rasane ra kepenak, ra tentrem, lelaranen. Tur meneh nek ra genep mengko ndak dionekke kabotan empyak kurang cagak.” CLW 05 Menawi sarat wonten nginggil menika sampun dipungatosaken, salajengipun wonten 3 petangan ingkang dipunginakaken rikala damel griya. Petanganipun inggih menika :

1. Wiwit ngedhuk pondhasi

a. Nemtokaken dinten

Anggenipun pados dinten ingkang sae kangge miwiti ngedhuk pondhasi, pathokanipun ngginakaken neptonipun tiyang ingkang niat damel griya menika. Caranipun, pados dinten ingkang sami gunggungipun kaliyan neptonipun. Lajeng dipunpara 5 sri “mulya”, rejeki “pinter golek pangupajiwa”, gedhong “kuat dadi wong sugih”, lara “laraseret” lan pati “mati”. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Nggoleki dina miwiti ngeduk pondhasi kuwi pathokane nganggo neptone sing arep gawe omah. Carane digoleki dina sing petungane padha karo neptone. Umpama neptone minggu legi, jumlahe 10 ta kuwi, golek dina sing jumlahe ya 10. Umpama Jumat Wage. Terus bar kui dipara 5 Sri, rejeki, gedhong, lara, pati.” CLW 05 Langkung cetha dipunterangaken ngandhap menika: Neptonipun ingkang damel griya : minggu legi Minggu = 5 Legi = 5 Dipunpadosi dinten sanesipun minggu legi ingkang gunggungipun 10.