Dinten Pasaran Nemtokaken arah lampahipun

Senin Paing + 3= Senin Paing, Selasa Pon, Rebo Wage. 1 2 3 Anggenipun wiwit ngetang saking Senin Paing, boten Selasa Pon. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Pathokane dinggo nggoleki dina pengetan kuwi nganggo angka 1,3,7,5,2,4,1,6. 1 kuwi dina sedane, 3 nggo nggoleki telung dinane, 7 nggo nggoleki pitung dinane, 5 nggo nggoleki 40 dinane, 2 nggo nggoleki 100 dinane, 4 nggo nggoleki setaune, 1 nggo nggoleki rong taune, terus 6 nggo nggoleki 1000 dinane. Cara nganggone gampang, dina sedane ditambah angka-angka kuwi. Ning sing perlu dieling-eling le ngetung kuwi seka dina sedane, ora kok dina sedane trus ditambah angka kuwi. Contone, arep nggoleki 100 dinane, berarti dina sedane ditambah 2. Umpama sedane senin paing, tambah 2 berarti le ngetung seko senin paing,selasa pon, dadi tibane selasa pon. Ora kok senin paing ditambah 2, mengko tibane dadi rebo wage, kuwi wis geseh.” CLW 04 Andharan menika ugi jumbuh kaliyan ingkang kaserat wonten Kitab Primbon Betaljemur Adammakna 2013:231 ingkang nyebataken bilih : “ saumpama wong mati dina kemis wage, iku 3 dinane tiba setu legi, 7 dinane tiba rebo kliwon, 40 dinane tiba senin pon, 100 dinane tiba jumat pon, setaune tiba minggu paing, nyewune tiba selasa pon.” Saking andharan informan saha buku ing nginggil menika saged dipunpundhut dudutan bilih anggenipun nemtokaken dinten menapa dinten pengetan tigang dinten sedanipun benjing menika saking dinten sedanipun dipuntambah 3 dinten, nemtokaken pengetan 7 dinten menika saking dinten sedanipun dipuntambah 7 dinten, nemtokaken pengetan 40 dinten menika saking sedanipun dipuntambah 5 dinten, nemtokaken pengetan 100 dinten menika saking sedanipun dipuntambah 2 dinten, nemtokaken pengetan setunggal taun menika saking dinten sedanipun dipuntambah 4 dinten, nemtokaken pengetan kalih taun sedanipun menika wangsul wonten dinten sedanipun, lan nemtokaken pengetan 1000 dinten menika saking dinten sedanipun dipuntambah 6. Langkung cetha anggenipun ngginakaken petanganipun kados menika:

a. Pengetan setunggal dinten sedanipun

Pengetan setunggal dinten sedanipun menika dipunwontenaken rikala pas dinten sedanipun. Dinten menika ingkang mangkih dados pathokan kangge madosi dinten menapa pengetan salajengipun. Kangge patokan saumpami seda dinten Minggu Legi, 1 Januari 2015, wanci jam 16.00 utawi 4 sore. Jam sedanipun menika kedah dipungatosaken, amargi menawi sampun kliwat jam 18.00 utawi 6 sore, wonten dinten Jawi menika sampun gantos dinten. Tuladhanipun menawi jam 19.00 utawi 7 dalu wonten dinten Nasional taksih kalebet dinten Minggu, menawi wonten Jawi sampun kalebet dinten Senin. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “ Dina sedane kuwi mengko nggo pathokan ngetung pengetan sak banjure, sing prelu digatekke, le seda kuwi dina apa, jam pira. Soale nek Jawa pergantian jam e beda ta mas karo nasional, nek Jawa kuwi magrib itungane wis ganti dina. Dadi umpama jam 7 bengi ning nasional isih klebu minggu legi, ning Jawa kuwi wis senin paing. Kuwi penting mengko ndak geser itungane” CLW 04

b. Pengetan 3 dinten sedanipun

Menawi badhe madosi dinten menapa pengetan tigang dinten sedanipun, angka ingkang dipunginakaken kangge ngetang inggih menika angka 3. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Angka 3 nggo nggoleki telung dinane.” CLW 04 Caranipun ngginakaken: