Nemtoakaken tamba Nemtokaken arah kangge pados tamba

“Pathokan arahe kuwi padha karo ning petungan liyane.” CLW 06 Pathokan arah miturut dinten lan pasaran:

a. Dinten

Senin = Ler kilen Selasa = Kidul Kilen Rabu = Kilen Kemis = Kidul Wetan Jumat = Ler Setu = Kidul Minggu = Ler wetan

b. Pasaran

Legi = Wetan Paing = Kidul Pon = Kilen Wage = Ler Kliwon = Tengah Menawi sampun dipuntemtokaken dinten bandhe pados inggih menika setu wage, Setu = Ngidul Wage = Ler Saengga arah ingkang sae kangge madosi suket grinting lan toya kali kalen inggih menika arah ngidul utawi ngaler.

c. Caranipun nambani

Menawi sampun kepanggih suket grinting lan toyanipun, salajengipun suket grinting, adaspulawaras, sarem menika dipunpipis, dipuncampur kaliyan toya, lajeng dipunwedhakaken wonten tiyang ingkang sakit. Arahipun kedah saking inggil lajeng mandhap, boten pareng walikanipun. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan : “Carane le gawe, suket grinting kuwi mau tmbah adas pula waras, uyah terus dipipis. Bar kuwi dicampur karo banyu kaline, terus diwedhakke ning sing lara. Arahe seka ndhuwur medhun, ora oleh walikane.” CLW 06 Tualadha 2. Sesakit amargi Guna lan tambanipun a. Nemtokaken sebab sesakit Wiwit keraos sakit dinten senin wage Selasa: 3 7 : 5= 5,5 tirah 2= Guna “digawe liyan” Wage : 4

b. Nemtokaken tamba

Menawi sampun mangertos sebabipun sesakit amargi guna, tambanipun : suket teki + adaspulawaras + sarem + toya kali kalen. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Tambane lara sing merga guna kuwi suket, adas pula waras, uyah, banyu kali. Ning sukete nganggo suket teki mas. Le nemtokke jumlahe suket pirang pethet ya padha, nanggo neptone sing lara karo dina le arep golek”. CLW 06 Saking andharan menika ugi saged dipundudut menawi anggenipun nemtokaken gunggung suket teki kangge tamba inggih menika ngginakaken petangan nepton ingkang sakit lan petangan dinten rikala badhe pados suket teki. Langkung cetha kados menika: Nepton ingkang sakit : Minggu paing Minggu = 5 Paing = 9 Dinten badhe pados suket : Rebo Paing