Nemtokaken tamba Nemtokaken arah kangge pados tamba Dinten

b. Pasaran

Legi = Wetan Paing = Kidul Pon = Kilen Wage = Ler Kliwon = Tengah Menawi sampun dipuntemtokaken dinten badhe pados tamba rebo paing, pramila arahipun : Rebo = Ngilen Paing = Ngidul Saengga arah ingkang sae kangge pados tambanipun inggih menika ngilen utawi ngidul.

c. Caranipun nambani

Menawi sampun kepanggih suket teki, adas pula waras, sarem, toya kali, anggenipun damel menika sami. Caranipun suket teki, adas pula waras, sarem menika dipunpipis, dipuncampur kaliyan toya menika, lajeng dipunwedhakaken wonten tiyang ingkang sakit. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “ Carane le nambani kuwi kabeh padha mas, suket, adaspulawaras, uyah kui dipipis, campuri banyu terus diwedakke.” CLW 06 Tuladha 3. Sesakit amargi Tirta lan tambanipun a. Nemtokaken sebab sesakit Wiwit keraos sakit dinten setu paing Setu : 9 18 : 5= 5,5,5 tirah 3= Tirta “sedulur tunggal banyu” Paing : 9

b. Nemtokaken tamba

Menawi sampun mangertos sebabipun sesakit amargi tirta, tambanipun: suket grinting + adaspulawaras + sarem + toya kali kalen. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Nek nggo lelara merga tirta kuwi tambane padha, suket grinting, adas pula waras, uyah, karo banyu kali utawa kalen.” CLW 06 Anggenipun nemtokakaken kathahipun suket grinting ugi sami, inggih menika petangan nepton ingkang sakit dipungunggung kaliyan petangan dinten badhe pados suket griting. Langkung cetha kados menika : Nepton ingkang sakit : Minggu paing Minggu = 5 Paing = 9 Dinten badhe pados suket : Minggu legi Minggu = 5 Legi = 5 Saengga gunggungipun suket ingkang kangge tamba 5+9+5+5 = 24 pethet.

c. Nemtokaken arah kangge pados tamba

Anggenipun nemtokaken arah kangge pados tamba, sedaya menika sami miturut arah lan pasaran saben dinten, kados ingkang dipunandharaken dening informan : “Pathokan arahe kuwi padha karo ning petungan liyane.” CLW 06 Pathokan arah miturut dinten lan pasaran:

a. Dinten

Senin = Ler kilen Selasa = Kidul Kilen Rabu = Kilen Kemis = Kidul Wetan Jumat = Ler Setu = Kidul Minggu = Ler wetan

b. Pasaran