Neptonipun temanten kekalih Pati

“carane nggoleki saat, wektu sing pas kuwi kabeh padha mas,carane neptone dina ro pasaran dijumlah, trus dibagi 3, sore, tengah wengi, bangun.” CLW 03 Sampun dipuntemtokaken jumat legi Jumat : 6 11 : 3 = 3,3,3 tirah 2 = Tengah wengi 00.00 – 07.00 Legi : 5 Saengga menawi ijab dinten jumat legi, maksimal ijab inggih menika jam 07.00

F. Boyongan

1. Nemtokaken Dinten Boyongan

Anggenipun nemtokaken dinten kangge boyongan menika boten ribet. Inggih menika ingkang pokok boyongan dipunlaksanakaken gangsal dinten utawi sepasar sasampunipun ijab manten wonten dalemipun temanten putri. Kados menapa kedah gangsal dinten utawi sepasar amargi wonten tetembungan Jawi temanten menika ibaratipun Raja, napa-napa kedah dipunturuti, boten wangun menawi raja menika dolan wonten “pasar”. Pramila menawi ijab dinten Jumat Legi, boyonganipun gangsal dinten sasampunipun, inggih menika Kemis Legi. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “biasane boyongan kui nek wis bar sepasar seko nggone sing wedok.” CLW 03

2. Nemtokaken saat wekdal boyongan

Sasampunipun mangertos dintenipun boyongan, ingkang dipunpadosi salajengipun saat wekdal kaliyan arah laku kangge boyongan. Kados dene sanesipun anggenipun madosi saat wekdal petanganipun sami, kados ingkang dipunandharaken informan : “carane nggoleki saat, wektu sing pas kuwi kabeh padha mas,carane neptone dina ro pasaran dijumlah, trus dibagi 3, sore, tengah wengi, bangun.” CLW 03 Kemis : 8 13 : 3 = 3,3,3 tirah 1 = Sore 16.00 – 23.00 Legi : 5 Saengga ingkang sae saat wekdal utawi jam kangge boyongan inggih menika antawis jam 16.00 utawi 4 sore dumugi 23.00 utawi 11 dalu.

3. Nemtokaken arah lampahipun

Menawi sampun dipuntemtokaken dinten lan saat utawi jam, salajengipun madosi arah lampahipun. Pathokanipun sami, amargi miturut Kitab Primbon Betaljemur Adammakna 2013: 6 ngandharaken bilih saben-saben dinten menika panggenanipun sami, boten owah, inggih menika kados menika:

a. Dinten

Senin = Ler Kilen Selasa = Kidul Kilen Rabu = Kilen Kamis = Kidul Wetan Jumat = Ler Setu = Kidul Minggu = Ler Wetan

b. Pasaran

Legi = Wetan