Nemtokaken saat wekdal utawi jam pindhah

Minggu : Ler wetan Wage : Ler Saengga menawi badhe pindhah dinten minggu wage, arah lampahipun ingkang sae ngaler ngetan utawi ngaler. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan : “nggoleki arah pindah kuwi sing dinggo padha arah dina karo pasaran. Ora walikane.” CLW 05

5. Petangan ingkang dipunginakaken kangge madosi barang ical

Wonten petangan menika sajatosipun boten kangge madosi barang ical, ananging namung kangge ngemutaken tiyang ingkang kelangan menika supados ngemut-ngemut malih, lan petangan menika namung ngenei dalan kangge madosi barang menika, amargi ingkang nami tiyang kelangan menika adatsabenipun kemrungsung, grusa-grusu. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “sakjane petungan iki ora nggo nggoleki mas, ning ming dinggo ngelingke, karo ngenei dalan ben kelingan. Soale nek wong kelangan kuwi biasane kemrungsung, grusa-grusu dadi sok-sok sepele we isa lali, mulane dietung ki nggo ngelingke, terus nggo ngira-ira barang kuwi isih isa ketemu apa ora, karo ngenei dalan nek dina iki le ilang, le nggoleki arahe ndene, ngono.” CLW 06 Wonten petangan kangge madosi barang ical menika boten ngginakaken nepton lair kangge ngetang, ananging ngginakaken petangan dinten anggenipun kemutan utawi keraos barang menika ical. Saumpami madosi barang dinten Setu Paing sampun boten wonten, ananging sasampunipun dipunemut-emut dinten pungkasan barang menika wonten dinten Jumat Legi, utawi setunggal dinten saderengipun. Menawi kados menika anggenipun madosi barang ingkang ical menika ngginakaken petangan dinten Jumat Legi, amargi ingkang dinten pungkasan barang menika wonten dinten Jumat Legi. Salajengipun gunggung petangan dinten menika dipunpara 4, inggih menika wit “lali mergo awake dhewe”, pang “isih cedhak” , godhong “wis rada adoh”, kleyang “wis ilang”. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan : “Carane kuwi ora nganggo nepton lair kaya sing liane, ning nepton dina le krasa utawa kelingan barang kuwi ilang. Umpama le krasa barang ki ora ana dina Senin Legi, dietung kuwi pira jumlahe, terus dipara 4. Yaiku wit, pang , godhong, kleyang.”CLW 06 Andharan menika ugi jumbuh kaliyan ingkang kaserat wonten Kitab Primbon Betaljemur Adammakna 2013:210 bilih “nggoleki barang ilang temenan apa ora, gunggunge neptune dina lan pasarane nalika kelangan kapara 4, turah pira. Yen turah 1 tiba wit, barang ora ilang, sanajan ilang mung saka pangrekane kang dhuwe barang dhewe. Yen turah 2 tiba epang, kang njupuk sanake dhewe. Yen turah 3 tiba godhong, kang njupuk tepungane rabine, lan kena uga ijih sanak karo rabine, nanging wis adoh. Yen turah 4 kleyang, kang njupuk wong liya. Saking andharan informan lan pethikan Kitab Primbon Betaljemur Adammakna nginggil menika saged dipunpundhut dudutan bilih anggenipun madosi barang ical menika ngginakaken petangan gunggung dinten lan pasaranipun rikala keraos ical, lajeng dipunpara 4, inggih menika wit, pang, godhong lan kleyang. Saderengipun dipunandharaken caranipun ngetang, badhe dipunandharaken rumiyin tegesipun saking tembung-tembung wit, pang, godhong, lan kleyang.