Dereng mantu boten pareng damel griya Ander gunggungipun kedah genep

Pilian dinten ingkang gunggungipun sami 10 inggih menika : selasa pon lan Jumat wage. Dipunpilih dinten jumat wage. Jumat : 6 10 : 5 = 5,5 Genep. Pati “Mati” Wage : 4 Dhawahipun wonten pati “mati”. Menika boten sae. Menawi kados menika, petanganipun boten saged sae, amargi saking neptonipun ingkang damel griya minggu legi gunggungipun 10. Menawi dipunpara 5 dhawahipun wonten pati. Dados menawi dipunpadosi dinten sanes ingkang sami gunggung petanganipun ugi sami dhawahipun wonten pati ingkang ateges mati, boten sae. Ananging menika saged dipunewahi, kanthi cara nepton ingkang damel griya dipun gunggung kaliyan dinten ingkang petanganipun saged sae, saumpami dinten ingkang gunggung petanganipun 11,12 utawi 13. Tuladhanipun dinten jumat legi, kemis wage, minggu kliwon, supados samangkih menawi dipunpara 5 petanganipun sae. Kados ingkang dipunadharaken informan : “Umpama neptone sing duwe omah kuwi dietung kok ra isa ketemu apik, carane ora golek dina sing jumlahe padha, ning golek dina sing jumlahe 11,12 apa 13. Umpama Jumat Legi, Kamis Wage, apa Minggu Kliwon. Bar kuwi dijumlahke karo neptone mau. Mesthi ketemune apik.” CLW 05 Langkung cetha kados ing ngandhap menika : Saumpami ngginakaken dinten jumat legi Minggu : 5 10 Legi : 5 21 : 5 = 5,5,5,5 tirah 1 = Sri “rejeki” Jumat : 6 11 Legi : 5 Menawi kados menika, menawi neptonipun ingkang badhe damel griya minggu legi, dinten ingkang sae kangge miwiti ngedhuk pondhasi dinten jumat legi.

b. Nemtokaken saat wekdal utawi jam wiwit ngedhuk pondhasi

Menawi sampun dipuntemtokaken dinten kangge miwiti ngedhuk pondasi, salajengipun madosi saat wekdal utawi jam ingkang sae kangge miwit ngedhuk pondhasi. Anggenipun madosi saat wekdal utawi jam, caranipun sami ngginakaken petangan dinten lajeng dipunpara 3 saat wekdal sore, tengah wengi, bangun. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “nggoleki saat wekdal kuwi pada kabeh mas, jumlah petangan dina dibagi 3, sore, tengah wengi, bangun.” CLW 05 Tuladhanipun : Sampun dipuntemtokaken dinten miwiti ngedhuk pondhasi menika dinten ingkang sami petanganipun kaliyan neptonipun, inggih menika jumat legi. Saat wekdal utawi jam ingkang sae kangge miwiti inggih menika : Jumat : 6 11 : 3 = 3,3,3 tirah 2 = Tengah wengi 24.00 – 07.00 Legi : 5