“Nek arep nganggo itungan tenanan, sakdurunge ijab kuwi ana saperangan sing kudu digatekake mas, umpamane ora ijab ning sasi sura,
ora ijab ning minggu pertama, isane ijab minggu keloro karo kepapat, kuwi we kejaba dina selasa lho, trus minggu ketelu isane ijab dina
selasa.” CLW 03 Saking andharan menika saged dipunjlentrehaken kados mekaten:
1. Langkung sae boten ijab rikala wulan Sura
Wonten masarakat Jawi wonten kapitadosan bilih boten pareng ijab rikala sasi Sura amargi sasi menika boten sae lan saged nemahi alangan menawi ijab.
Sajatosipun menika kirang leres. Jaman rumiyin tiyang sepuh boten marengaken ijab rikala sasi Sura menika boten amargi sasi menika boten sae kangge ijab,
ananging namung kangge ngurmati sasi Sura menika sasinipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, inggih menika rikala Nabi Muhammad SAW hijrah saking
Makkah tumuju Madinah. Boten namung menika kemawon, langkung sae boten ijab rikala sasi Sura
amargi adatsabenipun wonten Ngayogyakarta sasi menika ingkang ngginakaken kaluarga ageng Kraton Ngayogyakarta, pramila jaman rumiyin para tiyang sepuh
boten marengaken ijab rikala sasi Sura kangge ngurmati kaluarga rajanipun. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan:
“sakjane kok raoleh ijab pas sura kuwi ora merga sasi sura kuwi elek, malah sasi sura kuwi apik banget,sasine kanjeng Nabi. Sasi sura kuwi rak
cara islame muharam to mas. Tur meneh sasi sura kuwi istilahe wis ana sing duwe, nek nggone dhewe kuwi sing duwe ya Kraton, mila jaman
mbien ana tetembungan, setaun ming dijupuk sesasi nggo rajane we kok ra oleh, isih ana 11 sasi tunggale, ndak dikira ngaya. Intine awake dhewe
wong biyasa ora nganggo sasi sura kuwi ming kon ngurmati, ora merga sasi sura kuwi elek.” CLW 03
Saking andharan menika saged dipunpundhut dudutan bilih jaman rumiyin tiyang sepuh boten marengaken ijab sasi Sura amargi kangge ngurmati Kanjeng
Nabi Muhammad SAW lan kaluarga ageng Kraton Ngayogyakarta.
2. Boten ijab wonten minggu kapisan
Boten ijab wonten minggu kapisan menika amargi kangge ngurmati, adatsabenipun minggu kapisan menika ingkang ngginakaken trah Kraton lan
tiyang-tiyang ingkang inggil jabatanipun. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan :
“nek minggu pertama kuwi biasane nggo trah njero mas, apa wong-wong sing duwe pangkat.” CLW 03
3. Saged ijab minggu kapindho lan kapapat kejaba dinten selasa
Wonten mriki kenging menapa boten saged ijab dinten selasa minggu kapindho lan kapapat amargi menawi dinten selasa wonten minggu kapindho lan
kapapat menika menawi dipunetang kaliyan pasaranipun asilipun kirang sae. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan:
“isane ijab minggu keloro karo minggu kepapat, kuwi we liyane dina selasa, mergane nek dina selasa minggu keloro karo kepapat kuwi nek
dietung tibane ora apik.” CLW 03
4. Wonten minggu katiga sagedipun ijab dinten Selasa
Wonten minggu katelu sagedipun ijab namung dinten selasa amargi menawi dinten selasa wonten minggu katelu menika menawi dipunetang asilipun
kirang sae. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan:
“nek minggu ketelu sing isa dinggo ming dina selasa mas, mergane nek liane dina selasa kuwi ning minggu ketelu etungane ora apik.” CLW 03