Nemtokaken dinten Petangan ingkang dipunginakaken wonten bab lelungan

b. Nemtokaken saat wekdal utawi jam

Pathokan anggenipun madosi saat wekdal utawi jam menika sedaya sami, petangan dinten lan pasaran dipungunggung lajeng dipunpara 3, sore, tengah wengi, bangun. Andharan menika jumbuh kaliyan prathelan informan : “carane nggoleki saat, wektu sing pas kuwi kabeh padha mas,carane neptone dina ro pasaran dijumlah, trus dibagi 3, sore, tengah wengi, bangun.” CLW 05 1. Sore : Jam 16.00 – 23.00 2. Tengah wengi : Jam 24.00 – 07.00 3. Bangun : Jam 08.00 – 15.00 Menawi sampun dipuntemtokaken badhe pados dinten minggu legi, pramila saat wekdal utawi jam ingkang sae inggih menika : Minggu: 5 10 : 3= 3,3,3 Tirah 1 = Sore 16.00 – 23.00 Legi : 5 Saengga menawi badhe tindak pados tamba sesakit dinten Minggu Legi, ingkang sae menika antawis jam 16.00 utawi jam 4 sonten dumugi jam 23.00 utawi jam 11 dalu.

c. Nemtokaken arah laku

Anggenipun badhe madosi arah lampahipun, ngginakaken pathokan dinten lan pasaran. Pathokanipun kados menika :

a. Dinten

Senin = Ler Selasa = Kidul Kilen Rabu = Kilen Kamis = Kidul Wetan Jumat = Ler Wetan Sabtu = Kidul Minggu = Wetan

b. Pasaran

Legi = Wetan Paing = Kidul Pon = Kilen Wage = Ler Kliwon = Tengah Ananging wonten petangan bab lelungan menika anggenipun ngginakaken arah miturut dinten lan pasaran menika kosokwangsulipun. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Pathokan arah miturut dina karo pasaran kui padha, ning le nganggo walikane” CLW 07 Menawi sampun dipuntemtokaken badhe tindak dinten minggu legi : Minggu : Wetan Legi : Wetan Pramila arah lampahipun kejaba ngetan, saged ngidul, saged ngaler, saged ngilen. Tuladha II. Lelungan ingkang wigati nagih utang a. Nemtokaken arah lan dinten Wonten babagan nagih utang menika radi beda saking petangan sanesipun. Amargi menawi badhe nagih utang menika arah ingkang dipuntuju sampun cetha, pramila ingkang angka setunggal dipuntemtokaken rumiyin arah lampahipun, supados mangkih saged milih dinten ingkang pas. Langkung cetha kados menika :

c. Arah ingkang dipuntuju Ngidul

Menawi sampun mangertos arah ingkang dipuntuju ngidul, salajengipun saged milih dinten lan pasaran ingkang arahipun boten ngidul, amargi anggenipun ngginakaken kosok wangulipun. Pilihan dinten ingkang arahipun boten ngidul: senin legi, senin pon, senin wage, senin kliwon, selasa legi, selasa pon, selasa wage, selasa kliwon, rebo legi, rebo pon, rebo wage, rebo kliwon, kemis legi, kemis pon, kemis wage, kemis kliwon, jumat legi, jumat pon, jumat wage, jumat kliwon, minggu legi, minggu pon, minggu wage, minggu kliwon.

d. Nemtokaken dinten

Menawi sampun mangertos pilian dinten ingkang arahipun boten ngidul, salajengipun saged nemtokaken dinten badhe nagih utang. Ananging menawi badhe milih dinten, ingkang kedah dipungatosaken menika titenan dinten pasaran. Titenanipun sami, kados menika : 1. Kliwon : Peteng 2. Legi : Padhang 3. Paing : Umuk 4. Pon : Ora cucuk karo kasunyatan 5. Wage : Prasaja Miurut titenan menika, pasaran ingkang sae kangge nagih utang inggih menika Legi utawi Wage. Pramila anggenipun nemtokaken dinten, saenipun ingkang pasaran Legi utawi Wage. Tuladhanipun milih dinten Jumat Legi.