Nalaring Pikir PETANGAN JAWI WONTEN MASARAKAT DHUSUN KERTOPATEN WIROKERTEN BANGUNTAPAN BANTUL.

dipunlampahaken kanthi cara panaliten kualitatif, amargi panaliti badhe neliti saha mengungkap keunikan babagan budaya mliginipun petangan Jawi wonten masarakat dhusun Kertopaten, saha panaliten menika gadhah ancas badhe nggambaraken saha njelasaken babagan petangan Jawi menapa kemawon ingkang taksih dipunginakaken wonten dhusun Kertopaten, ginanipun petangan Jawi menika menapa saha kados pundi caranipun ngginakaken petangan Jawi menika.

B. Nemtokaken Papan Panaliten

Miturut Endraswara 2006:114, cara nemtokaken papan panaliten menika saged dipunperang dados 2. Inggih menika: 1. papan outsider, tegesipun wilayah panaliten ingkang wonten njawi saking kabudayan panaliti; saha 2. papan insider, tegesipun wilayah panaliten ingkang wonten dunianipun panaliti, wonten daerahipun panaliti saha wonten kabudayanipun panaliti piyambak. Saking andharan menika, anggenipun nenmtokaken papan panaliten menika panaliti ngginakaken ingkang papan insider. Amargi salebeting lingkungan saha kabudayan panaliti menika wonten perkawis ingkang narik kawigatosanipun paniliti, inggih menika babagan petangan Jawi ingkang taksih dipunlestantunaken kaliyan warga masarakat wonten Dhusun Kertopaten, Wirokerten, Banguntapan,Bantul. Papan menika saged nggampilaken panaliti amargi papan menika caket saking jangkauan panaliti saha masarakatipun wonten papan panaliten menika sampun sami tepang, saengga panaliti saged nyuwun informasi sakathah-kathahipun dumugi jangkep. Papan ingkang kangge panaliten inggih menika saged nguntungaken panaliti amargi tiyang-tiyangipun ingkang sami respek saha purun dados subyek panaliten. Papan panaliten menika ugi saged ngasilaken data kanthi jangkep. Papan panaliten menika wonten narasumberipun utawi informan ingkang taksih ngginakaken tradhisi petangan Jawi ing saben dinten, saengga panaliti boten bingung pados informasi babagan tradhisi petangan Jawi wonten Dhusun Kertopaten, Wirokerten, Banguntapan, Bantul.

C. Informan Panaliten

Ingkang dipunsebat informan inggih menika tiyang ingkang kagungan informasi babagan panaliten. Informan kaperang dados key informan saha informan. Key informan tegesipun informan kunci ingkang dados kunci pimpinan formal saha informal saha kagungan informasi babagan data ingkang badhe dipun teliti. Dene ingkang dipunwastani informan inggih menika bebrayan ageng ingkang saged utawi taksih ngginakaken petangan Jawi, saged tiyang sepuh ingkang saged ngginakaken petangan Jawi utawi tiyang ingkang nate ngginakaken petangan Jawi, saha tiyang awam. Anggenipun nemtokaken informan kunci wonten panaliten menika ngginakaken cara snow-ball sampling. Endraswara 2006: 206 ngandharaken bilih snow-ball sampling inggih menika kados bola salju ingkang ngglindhing angenipun nemtokaken objek panaliten. Panaliti pados tiyang ingkang kersa wonten ing lapangan, inggih menika tiyang-tiyang ingkang saged dipunajak guneman saha saking panjenenganipun data badhe dipunpanggihaken. Saking tiyang menika ugi badhe wonten penambahan sampel utawi subyek sanesipun. Cacahing sampel boten wonten watesan sekedhik utawi