Langkung sae boten ijab rikala wulan Sura

Menawi sampun nggatosaken sekawan bab menika, sampun saged madosi dinten kangge ijab. Anggenipun nemtokaken dinten ijab, ngginakaken petangan neptonipun temanten kekalih. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “nek nggoleki dina nggo ijab kuwi seka neptone manten lanang karo wedok, terus dijumlahke. Nek uwis terus dibagi 5, Sri tegese mulya, Rejeki tegese pinter golek pangupajiwa, Gedhong tegese kuuat dadi wong sugih, Lara tegese Laraseret, karo Pati tegese mati. Nek uwis ketemu, umpama ketemu turah 2, tibane Rejeki to, bar kuwi lagi digoleki dina pasaran sing nek dibagi 5 turahe padha 2. Kuwi dina sing apik nggo ijab.” CLW 03 Saking andharan informan menika saged dipunterangaken bilih anggenipun madosi dinten kangge ijab qabul menika adhedhasar neptonipun temanten kekalih. Lan petangan ingkang kangge merang wonten 5 inggih menika sri “mulya”, rejeki “pinter golek pangupajiwa”, gedhong “kuwat dadi wong sugih”, lara “laraseret” lan pati “mati”. Saderengipun dipunandharaken kados pundi caranipun ngginakaken petangan, badhe kaandharaken rumiyin tegesipun saking tembung-tembung sri, rejeki, gedhong, lara, pati.

1. Sri

Sri tegesipun mulya. Ingkang dipunwasatani mulya wonten babagan menika inggih menika pagesangan ingkang pinaringan ayom, ayem, tentrem, gemah ripah loh jinawi, gangsar anggenipun pados sandhang pangan, tebih saking sambikala, celak ing kanugraha, pramila menawi saderengipun ijab menika dipunetang lajeng dhawah wonten sri, menika sae sanget.

2. Rejeki

Rejeki tegesipun rejekinipun sae utawi pinter golek pangupajiwa, pramila wonten petangan bab manten menika menawi petanganipun dhawah wonten rejeki, tegesipun temanten kekalih samangkih pinaringan gangsar anggenipun pados pangupajiwa, menika ugi sae kados dene Sri.

3. Gedhong

Gedhong tegesipun gedhung utawi bangunan. Ananging wonten babagan petangan manten menika gedhong ngemu teges kuwat dadi wong sugih. Kuwat dadi wong sugih menika saged dipunandharaken bilih temanten kekalih menika boten boros, rejekinipun kathah ananging boten sombong, lan ugi terpandang.

4. Lara

Lara tegesipun sakit. Ananging wonten babagan menika ugi saged dipunwastani seret, kirang lancar, pramila menawi wonten petangan manten menika dhawah wonten lara, menika tegesipun kirang sae. Saged mangkih temanten kekalih menika asring lara utawi sakit, lan saged ugi temanten kekalih anggenipun pados rejeki menika seret, kirang lancar.

5. Pati

Pati tegesipun mati. Ingkang dipunwastani mati wonten babagan menika boten namung mati ingkang ateges pejah nyawanipun. Ananging saged ugi mati menika ingkang mati rejekinipun. Menika ingkang boten dipunkajengaken. Pramila menawi saderengipun ijab, dipunetang rumiyin ingkang temenan, sampun ngantos dhawah wonten petangan pati menika.