Dinten kangge ijab dipunpadosi ingkang sami tirah 1

Kados dene sanesipun anggenipun madosi saat wekdal petanganipun sami, kados ingkang dipunandharaken informan : “carane nggoleki saat, wektu sing pas kuwi kabeh padha mas,carane neptone dina ro pasaran dijumlah, trus dibagi 3, sore, tengah wengi, bangun.” CLW 03 Kemis : 8 13 : 3 = 3,3,3 tirah 1 = Sore 16.00 – 23.00 Legi : 5 Saengga ingkang sae saat wekdal utawi jam kangge boyongan inggih menika antawis jam 16.00 utawi 4 sore dumugi 23.00 utawi 11 dalu.

3. Nemtokaken arah lampahipun

Menawi sampun dipuntemtokaken dinten lan saat utawi jam, salajengipun madosi arah lampahipun. Pathokanipun sami, amargi miturut Kitab Primbon Betaljemur Adammakna 2013: 6 ngandharaken bilih saben-saben dinten menika panggenanipun sami, boten owah, inggih menika kados menika:

a. Dinten

Senin = Ler Kilen Selasa = Kidul Kilen Rabu = Kilen Kamis = Kidul Wetan Jumat = Ler Setu = Kidul Minggu = Ler Wetan

b. Pasaran

Legi = Wetan Paing = Kidul Pon = Kilen Wage = Ler Kliwon = Tengah Menawi sampun dipuntemtokaken dinten kemis legi, Kemis : kidul wetan Legi : wetan Saengga ingkang sae arah lampahipun boten ngetan. Kados dene nginggil wau menawi arah dalemipun besan menika ngetan, saged dipunakali menawi mlebetipun dhusun arah ngaler, ngidul, ngilen ingkang baku boten arah ngetan.

2. Petangan ingkang Dipunginakaken wonten Sripah

Wonten masarakat Jawi, menawi wonten kaluarga utawi sedherek ingkang tilar donya adatsabenipun dipunwontenaken pengetan dinten sedanipun. Pengetan menika dipunwontenaken rikala setunggal dinten sedanipun, 3 dinten sedanipun, 7 dinten sedanipun, 40 dinten sedanipun, 100 dinten sedanipun, 1 taun sedanipun, 2 taun sedanipun, dumugi 3 taun sedanipun. Supados anggenipun ngawontenaken pengetan sedanipun menika pas kaliyan dinten lan pasaran sedanipun, anggenipun madosi dinten pengetanipun ngginakaken petangan angka 1,3,7,5,2,4,1,6. Anggenipun ngginakaken angka-angka menika kanthi cara Dinten sedanipun + angkanipun. Ananging ingkang kedah dipunemut anggenipun miwiti ngetang menika saking dinten sedanipun, boten dinten sedanipun ditambah angkanipun. Tuladha :