Pados saat wekdal utawi jam

Saking andharan menika saged dipunterangaken bilih wonten petangan pindhah grriya menika caranipun sami, inggih menika nepton ingkang badhe pindhah petanganipun pinten, dipunpadosi dinten sanes ingkang gunggung petanganipun sami, lajeng dipunpara 5, sri “mulya”, rejeki “pinter golek pangupajiwa”, gedhong “kuat dadi wong sugih”, lara “laraseret” lan pati “mati”. Tuladhanipun : nepton = setu wage 13 Dipunpadosi dinten sanes ingkang sami petanganipun 13. Pilian dintenipun inggih menika : kemis legi, jumat pon, minggu kliwon. Saumpami dipunpilih dinten kemis legi. Kemis: 8 13 : 5= 5,5 tirah 3 = Gedhong “Kuat dadi wong sugih” Legi : 5 Menawi kados menika dinten ingkang sae kangge pindhah inggih menika kemis legi. Ananging menawi petangan neptonipun kirang sae, saumpami minggu paing 14 Minggu: 5

14: 5= 5,5 tirah 4 = Lara “Seretkirang sae”

Paing : 9 Menawi kados menika, anggenipun madosi dinten kangge pindhah caranipun boten milih dinten ingkang gunggung petanganipun sami 14, ananging pados dinten sanes ingkang menawi petanganipun dipungunggung kaliyan 14 lajeng dipunpara 5 saged tirah 1,2 utawi 3. Pilian dinten sae inggih menika : selasa legi, selasa paing, selasa wage, rebo legi, kemis legi, kemis paing, kemis wage, jumat kliwon, setu legi, setu paing, setu wage, setu kliwon, minggu wage, minggu kliwon. Saumpami dipunpilih dinten minggu wage. Minggu : 5 14 Paing : 9 23 : 5 = 5,5,5,5 tirah 3 = Gedhong Minggu: 5 “Kuat dadi wong sugih” 9 Wage : 4 Saengga menawi neptonipun minggu paing, dinten ingkang sae kangge pindhah inggih menika minggu wage.

b. Nemtokaken saat wekdal utawi jam pindhah

Menawi sampun dipuntemtokaken dinten pindhah, salajengipun nemtokaken saat wekdal utawi jam kangge pindhah. Madosi saat wekdal utawi jam caranipun sami, inggih menika petangan dinten dipunpara 3, sore, tengah wengi, bangun. Kados ingkang dipunandharaken dening informan: “Nggoleki saat wekdal kuwi pada kabeh mas, jumlah petangan dina dibagi 3, sore, tengah wengi, bangun.” CLW 05 Tuladhanipun badhe pindhah dinten minggu wage Minggu: 5 9 :3 = 3,3,3 Genep, boten tirah = Bangun 08.00 – 15.00 Wage : 4