Paedahing Panaliten PETANGAN JAWI WONTEN MASARAKAT DHUSUN KERTOPATEN WIROKERTEN BANGUNTAPAN BANTUL.

BAB II GEGARAN TEORI

A. Andharan Teori

1. Folklor

Folklor menika salah satunggaling perangan saking kabudayan, mawi cara etimologi tembung folklor asalipun saking basa Inggris folklore, ingkang kaperang saking folk lan lore. Miturut Alan Dundes ing Danandjaja, 1984, menawi folk menika kelompok tiyang ingkang gadhah titikan-titikan pengenal fisik sosial lan kabudayan, saengga saged dipunbedakaken saking kelompok-kelompok sanesipun. Titikan – titikan pengenal menika saged awujud : warni kulit ingkang sami, pakaryan ingkang sami, basa ingkang sami, lan agama ingkang sami. Ananging titikan ingkang langkung wigati inggih menika menawi tiyang menika sampun gadhah salah satunggaling tradhisi, ingkang sampun dipunwarisaken paling sekedhik kalih generasi, menika ingkang saged dipunakuni dados kagunganipun sedaya. Saking andharan menika saged dipunpendhet sarining pangertosan bilih folkor inggih menika babagan-babagan ingkang sampun dados identitas kelompok ingkang gadhah titikan-titikan pengenal fisik lan kabudayan ingkang dipunwarisaken kanthi turun-temurun. Tradhisi folklor inggih menika kabudayan ingkang dipunwarisaken turun-temurun mawi lisan utawi mawi tuladha ingkang dipunsukani piranti pengeling. Miturut Dundes ing Endraswara, 2009:27 lore inggih menika tradhisi folk, lore menika representative kepinginan folk ingkang ekspresif. Salebetipun gadhah seni, sastra, budaya lan sedaya solah bawa folk. Folklor saged dipuntegesi 6 dados perangan tradhisi, sastra, seni, hukum, tumindhak lan menapa kemawon ingkang dipunasilaken dening folk mawi cara kolektif. Folklor menika saged dipunwastani ekspresi masarakat ingkang gadhah budaya. Folklor ngemot sedaya babagan pagesangan tiyang saking menapa kemawon ingkang asalipun saking leluhuripun ingkang sampun turun-temurun wonten pagesangan kolektif tradhisional utawi modheren. Folklor ugi dados asiling reriptan cariyos rakyat mawi cara tradhisional, primitif lan beradab. Folklor arupi kapitadosan rakyat utawi takhayul, pakulinan, tontonan, tari tradhisional, ilmu rakyat, lan puisi rakyat, pramila folklor boten arupi lisan kemawon ananging ugi arupi ekspresi budaya ingkang tumindakipun gandheng wontenipun kapitadosan rakyat utawi takhayul. Folklor ugi nedahaken cara pewarisanipun ingkang dipunlampahaken mawi cara lisan. Supados saged mbedakaken folklor kaliyan kabudayan sanesipun mila kedah dipunmangertosi rumiyin titikan utami folklor wonten umumipun. Folklor minangka perangan saking kabudayan ingkang dipungadhahi masarakat salah satunggaling kelompok utawi kolektif, kabudayan kasebat taksih asipat tradhisional ingkang dipunlampahaken dening masarakat panjurungipun saking generasi rumiyin utawi turun-temurun. Cariyos rakyat ngengingi asal-usullipun salah satunggaling papan utawi fenomena budhaya ingkang kalampahan wonten masarakat mawi basa lisan tanpa dipunmangertosi saking pundi asalipun saking folklor. Miturut Endraswara 2009:141 wonten teori geneologis folklor, ngrembag asal-usulipun salah satunggaling bangsa. Folkor dados warisan budaya leluhur ingkang dipunwarisaken mawi cara turun-temurun. Miturut Bascom ing Endraswara, 2009:33 nyebataken bilih folkor boten arupi lisan kemawon, ananging ngemot unsur legenda, mite, kapitadosan, sruwal, griya, resep dhaharan, seni grafik lan sanesipun. Folklor saged arupi unsur material. Materi-materi dados asalipun pakaryan tiyang kanthi cara turun-temurun ugi gadhah konsep lan ideologi ingkang cetha. Piranti ingkang dipunkategorikaken folklor kasebat tamtu gadhah titikan ingkang khas. Foklor ngemot jangkauan ingkang wiyar. Nandhakaken dhumateng pewarisan budaya saking generasi samenika dumugi generasi salajengipun. Follklor menika salah satunggaling perangan kabudayan kolektif ingkang kasebar lan dipunwarisaken turun-temurun, wonten antawisipun kolektif jinis menapa kemawon kanthi cara tradhisional wonten versi ingkang beda, wonten wujud lisan dene tuladha ingkang dipunsukani obahing isarat utawi piranti pambiyantu pangenget memoric device Danandjaja, 1984:2. Saking andharan menika saged dipunpundhut pangertosan bilih tradhisi petangan Jawi menika kalebet folklor. Petangan Jawi menika wujud kabudayan kolektif ingkang dipunwarisaken kanthi cara turun-temurun. Salajengipun folklor menika dipunperang dados tiga, kados ingkang wonten ing Danandjaja 1984:21-22 inggih menika: 1. folklor lisan, inggih menika folklor ingkang wujudipun murni lisan, cariyos rakyat kalebet mitos, lan lelagon rakyat; 2. folklor sebagian lisan, inggih menika folklor ingkang wujudipun campuran unsur lisan lan sanes lisan kadosta kapitadosan rakyat, dolanan rakyat, adat istiadat, upacara lan sanesipun;