Dinten Petangan ingkang dipunginakaken wonten bab lelungan

c. Arah ingkang dipuntuju Ngidul

Menawi sampun mangertos arah ingkang dipuntuju ngidul, salajengipun saged milih dinten lan pasaran ingkang arahipun boten ngidul, amargi anggenipun ngginakaken kosok wangulipun. Pilihan dinten ingkang arahipun boten ngidul: senin legi, senin pon, senin wage, senin kliwon, selasa legi, selasa pon, selasa wage, selasa kliwon, rebo legi, rebo pon, rebo wage, rebo kliwon, kemis legi, kemis pon, kemis wage, kemis kliwon, jumat legi, jumat pon, jumat wage, jumat kliwon, minggu legi, minggu pon, minggu wage, minggu kliwon.

d. Nemtokaken dinten

Menawi sampun mangertos pilian dinten ingkang arahipun boten ngidul, salajengipun saged nemtokaken dinten badhe nagih utang. Ananging menawi badhe milih dinten, ingkang kedah dipungatosaken menika titenan dinten pasaran. Titenanipun sami, kados menika : 1. Kliwon : Peteng 2. Legi : Padhang 3. Paing : Umuk 4. Pon : Ora cucuk karo kasunyatan 5. Wage : Prasaja Miurut titenan menika, pasaran ingkang sae kangge nagih utang inggih menika Legi utawi Wage. Pramila anggenipun nemtokaken dinten, saenipun ingkang pasaran Legi utawi Wage. Tuladhanipun milih dinten Jumat Legi.

b. Nemtokaken saat wekdal utawi jam

Anggenipun nemtokaken saat wekdal utawi jam ingkang sae caranipun sami, inggih menika petangan dinten kaliyan pasaran dipungunggung lajeng dipunpara 3, sore, tengah wengi bangun. Kados ingkang dipunandharaken kaliyan informan : “carane nggoleki saat, wektu sing pas kuwi kabeh padha mas,carane neptone dina ro pasaran dijumlah, trus dibagi 3, sore, tengah wengi, bangun.” CLW 05 Saumpami sampun dipuntemtokaken badhe nagih dinten rebo legi Rebo : 7 12 : 3= 3,3,3,3 Genep = Bangun 08.00 – 15.00 Legi : 5 Saengga saat utawi jam ingkang sae inggih menika antawis jam 8 enjing dumugi jam 3 sonten. Ananging menawi badhe nemtokaken jam rumiyin, saumpami badhe nagih jam 7 dalu, pramila anggenipun milih dinten ingkang kira-kira menawi dipunpadosi saatipun dhawah wanci sore 16.00 – 23.00 . Tuladha III. Lelungan saben dinten Wonten lelungan utawi tindak ing saben dinten, boten nggatosaken titenan dinten ingkang sae kangge tindak. Amargi menika dipunlampahaken saben dinten. Wonten tindakan ing saben dinten menika namung nggatosaken dinten pringkel utawi apesipun, lan dinten geblakipun tiyang sepuh menawi tiyang sepuhuipun sampun seda. Kados ingkang dipunandharaken dening informan: “Lha nek lelungan sing saben dina, kuwi nak pendak dina, ra perlu golek dina sing apik, jam sing pas to mas, ning kudu nggatekke dina pringkel e karo dina geblake wong tuane nek wong tuane ana sing wis seda.” CLW 07