Dinten Pasaran 5= 5,5 Tirah 4 = Lara “seret panenipun”

BAB V PANUTUP

A. Dudutan

Adhedhasar saking asiling panaliten saha pirembagan babagan petangan Jawi ingkang sampun kalampahan wonten Dhusun Kertopaten, Wirokerten, Banguntapan, Bantul , saged dipunpundhut dudutan antawisipun. 1. Petangan ingkang taksih dipunginakaken ing Dusun Kertopaten, Wirokerten, Banguntapan, Bantul wonten 9, inggih menika: 1. petangan wonten manten : a. lamaran, b. pasok tukon, c. pasang tarub, d. midadareni, e. ijab, f. boyongan, 2. petangan wonten sripah : a. nemtokaken dinten pengetan sedanipun saking 1 dinten, 3 dinten, 7 dinten, 40 dinten, 100 dinten, setungal taun, kalih taun lan 1000 dinten; 3. petangan wonten damel griya : a. wiwit ngedhuk pondhasi, b. pasang molo, c. damel sumur, 109 4. pindhah griya, 5. madosi barang ical, 6. madosi sebab sesakit saha tambanipun, 7. lelungan : a. lelungan wigati, b. lelungan saben dinten, 8. babaran, 9. tetanen : a. nanem pantun. 2. Kejaba petangan bab sripah lan madosi barang ical, saperangan ageng anggenipun ngginakaken petangan menika gumathok kaliyan nepton lair. 3. Sedaya asil saking panaliten menika namung kulitipun, utawi saged dipunwastani namung konsep. Pramila senajan saged mangertos konsep petangan menika, ananging boten sedaya tiyang saged ngginakaken petangan menika. Amargi adatsabenipun saderengipun ngginakaken petangan menika kedah wonten laku tartamtu lan wonten ucap-ucapipun.

B. Implikasi

Panaliten menika saged paring tambahan seserepan babagan panaliten budhaya, mliginipun ingkang ngrembag babagan tradhisi petangan Jawi. Asiling panaliten ingkang ngrembag bab petangan Jawi menika saged migunani kangge pamaos supados langkung mangertos petangan Jawi, kaginaanipun saha caranipun ngginakaken. Asiling panaliten menika kaangkah saged dados dhasar kangge panaliten salajengipun ingkang ngrembag bab petangan Jawi. Panaliten menika kaangkah saged ugi paring seserepan tumrap para siswa bab petangan Jawi minangka sugihing kabudayan mliginipun bab tradhisi.

C. Pamrayogi

Saking asiling panaliten saha pirembagan wonten ing panaliten menika nuwuhaken pamrayogi inggih menika: 1. sampun kathah tiyang Jawi piyambak ingkang kesupen babagan petangan Jawi menika, langkung-langkung caranipun ngginakaken. Pramila saking menika saged dipunlajengaken malih kanthi panaliten ingkang ngrembag bab kabudayan, mliginipun babagan tradhisi petangan Jawi; 2. petangan Jawi menika minangka warisan saking para leluhur, saged ugi minangka warisan budaya ingkang gadhah nilai inggil sanget. Awit panaliten menika winates ing Dusun Kertopaten, Wirokerten, Banguntapan, Bantul pramila panaliten ingkang langkung wiyar kedah dipunlampahi; 3. kanthi kalampahan panaliten ingkang magepokan kaliyan petangan Jawi menika dipunajab samangke nama petangan Jawi menika boten ical saking kabudayan Jawi.