Pasaran Caranipun nambani Nemtokaken tamba Nemtokaken arah kangge pados tamba

a. Dinten

Senin = Ler kilen Selasa = Kidul Kilen Rabu = Kilen Kemis = Kidul Wetan Jumat = Ler Setu = Kidul Minggu = Ler wetan

b. Pasaran

Legi = Wetan Paing = Kidul Pon = Kilen Wage = Ler Kliwon = Tengah Menawi sampun dipuntemtokaken dinten badhe pados tamba Minggu Legi. Minggu = Ngalor ngetan Legi = Ngetan Saengga arah ingkang sae kangge pados tambanipun inggih menika arah ngalor ngetan utawi ngalor.

d. Caranipun nambani

Kangge tamba sesakit amargi tirta anggenipun damel menika sami sanesipun. Caranipun suket grinting, adaspulawaras, sarem menika dipunpipis, dipuncampur kaliyan toya menika, lajeng dipunwedhakaken wonten tiyang ingkang sakit. Andharan menika jumbuh ingkang dipunandharaken informan: “ Carane le nambani kuwi kabeh padha mas, suket, adaspulawaras, uyah kui dipipis, campuri banyu terus diwedakke.” CLW 06 Tuladha 4. Sesakit amargi Wana lan tambanipun a. Nemtokaken sebab sesakit Wiwit keraos sakit dinten rebo wage Rebo : 7 14 : 5= 5,5 tirah 4= Wana “alas” Wage : 7

b. Nemtokaken tamba

Menawi sampun mangertos sebabipun sesakit amargi wana, tambanipun: suket grinting + adaspulawaras + sarem + toya kali kalen. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Tamba nggo lelara merga wana kuwi ya padha mas, suket grinting, adas pula waras, uyah, karo banyu kali utawa kalen.” CLW 06 Anggenipun nemtokakaken kathahipun suket grinting ugi sami, inggih menika petangan nepton ingkang sakit dipungunggung kaliyan petangan dinten badhe pados suket griting. Langkung cetha kados menika : Nepton ingkang sakit : Minggu paing Minggu = 5 Paing = 9 Dinten badhe pados suket : Selasa Paing Selasa = 3 Paing = 9 Saengga gunggungipun suket ingkang kangge tamba 5+9+3+9 = 26 pethet.

c. Nemtokaken arah kangge pados tamba

Anggenipun nemtokaken arah kangge pados tamba, sedaya menika sami miturut arah lan pasaran saben dinten, boten kosokwangsulipun. Kados ingkang dipunandharaken dening informan : “Pathokan arahe kuwi padha karo ning petungan liyane.” CLW 06 Pathokan arah miturut dinten lan pasaran:

a. Dinten