Petangan wonten bab lelungan Petangan wonten bab bayen

e. Wage : Prasaja Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “ nek bab nggon lamaran kuwi biasane wong Jawa duwe titenan miturut pasaran mas. Titenane nek kliwon kuwi peteng, legi kuwi padhang, paing kuwi umuk, pon kuwi ora cucuk karo kenyataane, terus nek wage kuwi prasaja. Dadi nek lamaran kuwi biasane sing sok dinggo legi karo wage mergane titenane apik.” CLW 03 Andharan menika ugi dipunjurung saking andharanipun informan sanes ingkang nyebataken bilih: “Ya kuwi milih dina sing apik, biasane nek wong topaten ki milihe dina legi, soale titenane apik. Nek liyane kuwi ora patek apik le nek dinggo lamaran.” CLW 02 Saking andharan menika saged dipunpundhut dudutan menawi badhe lamaran asringipun ngginakaken pasaran legi utawi wage. Amargi kalih pasaran menika gadhah titenan sae. Dadosipun menawi calon besan menika sami-sami mangertos babagan petangan Jawi, saged dipuntiteni bilih calon besan menika tiyang sae, rembukipun padhang, prasaja lan napa wontenipun. Ananging menawi milih pasaran kliwon, paing utawi pon, ugi saged dipuntiteni menawi tiyang menika kirang sae. Tegesipun kirang sae menika saged rembukipun peteng, omongane dhuwur nanging boten cocok kaliyan kasunyatanipun.

2. Nemtokaken saat wekdal utawi jam lamaran

Menawi sampun nemtokaken pasaran ingkang sae, salajengipun nemtokaken saat utawi jam kangge lamaran. Miturut andharan saking informan , saat utawi wekdal menika dipunperang dados 3. Inggih menika : 1. Sore : Jam 16.00 – 23.00 2. Tengah wengi : Jam 24.00 – 07.00 3. Bangun : Jam 08.00 – 15.00 Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “ Nek miturut Jawa, saat kuwi dibagi 3. Sore, tengah wengi, bangun. Sore kuwi seko jam 4 sore tekan jam 11 bengi, tengah wengi kuwi jam 12 bengi tekan jam 7 esuk, nek bangun jam 8 esuk tekan jam 3 sore.” CLW 03 Caranipun madosi saat wekdal utawi jam ingkang pas kados menika: “carane nggoleki saat nggo lamaran sing apik ngene mas, neptone dina ro pasaran dijumlah, trus dibagi 3. Umpama arep lamaran minggu legi. Minggu kuwi 5, legi ya 5. Dadi jumlahe 10 ta, bar kuwi dibagi telung saat sore, tengah wengi, bangun mau. 10 dibagi 3 kuwi turah 1, dadi 1 kuwi tibane ning sore.” CLW 03 Saking andharan narasumber menika saged dipunterangaken kados menika: Saumpami sampun dipuntemtokaken dinten lamaran minggu legi. Minggu petanganipun 5, legi petanganipun 5. Dadosipun minggu legi menika petanganipun 10. Lajeng saking gunggung petangan dinten menika dipun perang 3. Dipunperang 3 menika miturut 3 saat wekdal wonten nginggil menika. sore,tengah wengi,bangun Minggu : 5 10 : 3 = 3, 3, 3 tirah 1 Legi : 5 Tirahipun 1. Dhawahipun wonten saat sore. Dados saat ingkang sae inggih menika jam 16.00 dumugi jam 23.00. Menawi ingkang agami Islam langkung saenipun boten mepet wekdal shalat, umpaminipun ba’da Ashar utawi ba’da Isya.