Ingkang kedah dipungatosaken rikala madosi saat wekdal utawi jam lamaran menika kedah miturut limrahipun wonten pagesangan menika. Tegesipun
menawi sampun dipunetang saatipun dhawah wonten tengah wengi 24.00 – 07.00 langkung sae pados dinten sanesipun ingkang petangan saatipun dhawah
wonten sore 16.00 – 23.00 utawi bangun 08.00 – 15.00, amargi menawi tengah wengi nglampahaken lamaran kirang limrah.
Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Sing penting nek nggoleki saat kuwi sing lumrah mas. Umpama arep
lamaran, pasok tukon, pa liyane kuwi sing lumrah. Umpama wis dietung kok tibane saate ora lumrah berarti kuwi kurang pas, ya kudu ganti dina
sing isa tiba saat sing pas, lumrah.” CLW 03
3. Nemtokaken Arah Laku Lamaran
Menawi sampun nemtokaken dinten kaliyan saat wekdal ingkang pas kangge lamaran, salajengipun madosi arah laku. Wonten masarakat Jawi arah laku
menika taksih dipun gatosaken. Amargi menawi arah laku menika boten pas kaliyan dinten pasaran biasanipun apes utawi nemahi alangan.
Anggenipun nemtokaken arah laku pathokanipun menika :
a. Dinten
Senin = Ler kilen
Selasa = Kidul kilen
Rebo = Kilen
Kemis = Wetan kidul
Jumat = Ler
Setu = Kidul
Minggu = Ler wetan
b. Pasaran
Legi = Wetan
Paing = Kidul
Pon = Kilen
Wage = Ler
Kliwon = Tengah
Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Senin kuwi lakune ngalor kulon, selasa ngidul ngulon, rebo ngulon,
kemis ngidul ngetan, jumat ngalor, setu ngidul, minggu ngalor ngetan. Nek pasaran legi lakune ngetan, paing ngidul, pon ngulon, wage ngalor,
kliwon pas tengah.” CLW 03 Andharan menika ugi jumbuh kaliyan ingkang kaserat wonten Kitab
Primbon Betaljemur Adammakna 2013:6
Tabel 2. Dinten lan pasaran saha panggenanipun
Dina lan Pasaran Panggonane
Akad Lor Wetan
Senin Lor Kulon
Selasa Kidul Kulon
Rebo Kulon
Kemis Kidul Wetan
Jumuah Lor
Sabtu Kidul
Kliwon Tengah
Legi Wetan
Paing Kidul
Pon Kulon
Wage Lor
Ananging menawi wonten petangan babagan manten menika anggenipun ngginakaken arah laku miturut dinten menika kosokwangsulipun. Tuladha :
Sampun dipuntemtokaken badhe lamaran dinten minggu legi. Minggu: Ler wetan
Legi : Wetan
Saengga laku ingkang sae menika boten arah ngetan. Ananging malah kejaba ngetan , umpami ngilen, ngaler utawi ngidul. Andharan menika jumbuh
kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “carane nggoleki arah laku nek nggon petungan manten kuwi gampang,
ming walikane mas. Umpama arep lamaran minggu legi, minggu kuwi ngalor ngetan, legi ya ngetan. Berarti minggu legi kuwi arah lakune sing
penting ora ngalor ngetan karo ngetan. Saumpama lakune omahe sing arep dilamar kok kudu ngetan, biasane le ngakali mlebune desane seko
kidul, seko elor, pa seko wetan, sing penting mlebune ora arah ngalor ngetan utawa ngetan.” CLW 03
Saking andharan menika saged dipunpundhut dudutan bilih saumpami
wonten kasunyatan arah dalemipun ingkang badhe dipunlamar ngetan, saged dipun akali. Caranipun anggenipun mlebet dhusunipun menika saking kidul
dhusun, menapa wetan dhusun, ingkang baku mlebetipun dhusun menika boten arah ngetan.
B. Pasok Tukon
Anggenipun nemtokaken dinten, saat kaliyan arah rikala badhe pasok tukon, pathokanipun sami kaliyan badhe lamaran. Andharan menika jumbuh
kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Pathokane nek arep nggoleki dina, saat, laku nggo lamaran, pasok
tukon, kuwi padha mas.” CLW 03
1. Nemtokaken Dinten
Titenaipun sami, a.
Kliwon : Peteng b.
Legi : Padhang
c. Paing
: Umuk