Petangan kangge madosi barang ical Petangan kangge madosi sebab lan tamba sesakit

“Petungan nggon bayen iki ora akeh mas, anane petungan nggo ngira- ngira bayi lair,karo titenan watake bocah miturut sasi laire.” CLW 07

9. Petangan wonten bab tetanen

Wonten petangan bab tetanen menika, ginanipun petangan inggih menika kangge madosi dinten ingkang sae, saat ingkang sae, lan arah ingkang sae menawi badhe miwit tandur utawi miwiti panen. Ananging petangan menika adatsabenipun dipunginakaken menawi ingkang badhe dipuntandhur utawi ingkang badhe dipunpanen menika pantun. Andharan menika jumbuh kaliyan andharan informan : “Gunane petungan nggon bab tetanen iki dinggo ngetung, nggoleki dina sing apik, nggoleki saat sing apik karo nggoleki arah sing apik nek arep miwit tandur apa miwiti panen. Ning biasane sing dietung nganggo petungan ki nek sing arep ditandur apa sing dipanen pari, nek liyane ora dietung.” CLW 07

C. Caranipun ngginakake petangan

1. Petangan ingkang dipuginakaken wonten Manten A.

Lamaran 1. Nemtokaken Dinten Lamaran Saderengipun nindakaken lamaran, saenipun nemtokaken dinten ingkang pas kangge lamaran. Wonten dhusun Kertopaten menawi badhe lamaran namung nggatosaken pasaran, amargi miturut kapitadosan warga saben-saben pasaran menika wonten titenanipun, a. Kliwon : Peteng b. Legi : Padhang c. Paing : Umuk d. Pon : Ora cucuk karo kasunyatan e. Wage : Prasaja Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “ nek bab nggon lamaran kuwi biasane wong Jawa duwe titenan miturut pasaran mas. Titenane nek kliwon kuwi peteng, legi kuwi padhang, paing kuwi umuk, pon kuwi ora cucuk karo kenyataane, terus nek wage kuwi prasaja. Dadi nek lamaran kuwi biasane sing sok dinggo legi karo wage mergane titenane apik.” CLW 03 Andharan menika ugi dipunjurung saking andharanipun informan sanes ingkang nyebataken bilih: “Ya kuwi milih dina sing apik, biasane nek wong topaten ki milihe dina legi, soale titenane apik. Nek liyane kuwi ora patek apik le nek dinggo lamaran.” CLW 02 Saking andharan menika saged dipunpundhut dudutan menawi badhe lamaran asringipun ngginakaken pasaran legi utawi wage. Amargi kalih pasaran menika gadhah titenan sae. Dadosipun menawi calon besan menika sami-sami mangertos babagan petangan Jawi, saged dipuntiteni bilih calon besan menika tiyang sae, rembukipun padhang, prasaja lan napa wontenipun. Ananging menawi milih pasaran kliwon, paing utawi pon, ugi saged dipuntiteni menawi tiyang menika kirang sae. Tegesipun kirang sae menika saged rembukipun peteng, omongane dhuwur nanging boten cocok kaliyan kasunyatanipun.

2. Nemtokaken saat wekdal utawi jam lamaran

Menawi sampun nemtokaken pasaran ingkang sae, salajengipun nemtokaken saat utawi jam kangge lamaran. Miturut andharan saking informan , saat utawi wekdal menika dipunperang dados 3. Inggih menika : 1. Sore : Jam 16.00 – 23.00