Nemtokaken saat wekdal utawi jam wiwit ngedhuk pondhasi

Menawi mekaten saged dipunwiwiti ngedhuk pondhasi antawisipun jam 8 enjing dumugi jam 15.00 utawi jam 3 sonten.

c. Nemtokaken arah wiwit ngedhuk pondhasi

Menawi sampun dipuntemtokaken dinten badhe wiwit ngedhuk pondhasi, salajengipun madosi arah wiwit ngedhuk pondasi. Wonten babagan ngedhuk pondhasi, anggenipun ngginakaken arah jumbuh kaliyan dintenipun. Boten kados wonten babagan petangan manten ingkang ngginakaken arahipun kosokwangsulipun. Pathokan arah miturut dinten lan pasaranipun sami kados ingkang sampun kaserat wonten nginggil, inggih menika:

a. Dinten

Senin = Ler kilen Selasa = Kidul ilen Rebo = Kilen Kemis = Kidul Wetan Jumat = Ler Setu = Kidul Minggu = Ler wetan

b. Pasaran

Legi = Wetan Paing = Kidul Pon = Kilen Wage = Eler Kliwon = Tengah Saumpami sampun dipuntemtokaken miwiti ngedhuk dinten minggu paing, Minggu : Ler wetan Paing : Ngidul Saengga anggenipun miwiti ngedhuk pondasi ingkang sae arah ngetan utawi ngidul. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “nggoleki arah nggo miwiti ngeduk pondasi kuwi padha karo keterangan dina pasarane mas, ora kaya neng petungan manten nak walikane ta. Dadi nek nggo arah ngedhuk pondasi umpama dina minggu legi, mingu kui ngalor ngetan, legi ya ngetan, dadi le wiwit ngedhuk pondasi ya lakune ngalor ngetan utawa ngetan ora walikane.” CLW 05

2. Pasang molo

Molo menika kayu ingkang wonten tengah, antawisipun blandar, utawi molo menika pethukane blandar. Dados ingkang dipunsebat molo menika boten sedaya blandar, ananging ingkang wonten tengah kemawon. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “molo kuwi kayu pethukane blandar mas, sing ning tengah tok. Sing dinggo tumpangan.” CLW 05 Andharan menika ugi jumbuh kaliiyan ingkang kaserat wonten Baoesastra Djawa 1939: 330 ingkang nyebataken bilih molo inggih menika balungan omah kang dumunung ing dhuwur dhewe mujur katumpangan wuwungan. Molo menika minangka kayu ingkang kangge tumpangan ingkang kedah kiyat, menawi ingkang wonten nginggil boten kiyat, kados pundi ingkang wonten ngandhap, pramila saking menika saderengipun pasang molo kedah nemtokaken dinten ingkang sae, lan saat wekdal ingkang pas, supados molo menika saged kiyat. Menawi molo menika kiyat, dipunajab sanesipun ingkang wonten ngandhap ugi dados kiyat. Lan ugi griya menika katingal gagah. Kangge madosi dinten saha saat wekdal utawi jam wonten pasang molo menika sami kados sanesipun, inggih menika ngginakaken petangan nepton lair ingkang kagungan griya. Saking nepton lair menika dipunpadosi dinten sanes ingkang gunggung petanganipun sami, lajeng dipunpara 5 sri “mulya”, rejeki “pinter golek pangupajiwa”, gedhong “kuat dadi wong sugih”, lara “laraseret” lan pati “mati”. Lajeng kangge madosi saat wekdal utawi jam caranipun gunggung petangan dinten menika dipun para 3, sore, tengah wengi, bangun. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “ngetung dina nggo munggah molo padha mas, digoleki dina sing padha jumlahe ro nepton lair, trus dibaagi 5 sri, rejeki, gedhong, lara, pati. Terus nggo golek saate ya padha, jumlahe dina kuwi mau dibagi 3 sore, tengah wengi, bangun.” CLW 05 Langkung cetha dipunadharaken ing ngandhap menika

a. Madosi dinten kangge pasang molo

Saumpami neptonipun ingkang kagungan griya menika setu wage. Setu : 9 13 Wage : 4 Dipunpadosi dinten sanesipun ingkang sami gunggungipun 13. Pilian dinten ingkang sami gunggungipun 13 antawisipun : kemis legi, jumat pon, minggu kliwon. Saumpami ingkang dipunpilih minggu kliwon. Minggu : 5 13 : 5 5,5, tirah 3= Gedhong kuat dadi wong sugih sae Kliwon : 8