Petangan ingkang dipuginakaken wonten Manten A.

2. Tengah wengi : Jam 24.00 – 07.00 3. Bangun : Jam 08.00 – 15.00 Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “ Nek miturut Jawa, saat kuwi dibagi 3. Sore, tengah wengi, bangun. Sore kuwi seko jam 4 sore tekan jam 11 bengi, tengah wengi kuwi jam 12 bengi tekan jam 7 esuk, nek bangun jam 8 esuk tekan jam 3 sore.” CLW 03 Caranipun madosi saat wekdal utawi jam ingkang pas kados menika: “carane nggoleki saat nggo lamaran sing apik ngene mas, neptone dina ro pasaran dijumlah, trus dibagi 3. Umpama arep lamaran minggu legi. Minggu kuwi 5, legi ya 5. Dadi jumlahe 10 ta, bar kuwi dibagi telung saat sore, tengah wengi, bangun mau. 10 dibagi 3 kuwi turah 1, dadi 1 kuwi tibane ning sore.” CLW 03 Saking andharan narasumber menika saged dipunterangaken kados menika: Saumpami sampun dipuntemtokaken dinten lamaran minggu legi. Minggu petanganipun 5, legi petanganipun 5. Dadosipun minggu legi menika petanganipun 10. Lajeng saking gunggung petangan dinten menika dipun perang 3. Dipunperang 3 menika miturut 3 saat wekdal wonten nginggil menika. sore,tengah wengi,bangun Minggu : 5 10 : 3 = 3, 3, 3 tirah 1 Legi : 5 Tirahipun 1. Dhawahipun wonten saat sore. Dados saat ingkang sae inggih menika jam 16.00 dumugi jam 23.00. Menawi ingkang agami Islam langkung saenipun boten mepet wekdal shalat, umpaminipun ba’da Ashar utawi ba’da Isya. Ingkang kedah dipungatosaken rikala madosi saat wekdal utawi jam lamaran menika kedah miturut limrahipun wonten pagesangan menika. Tegesipun menawi sampun dipunetang saatipun dhawah wonten tengah wengi 24.00 – 07.00 langkung sae pados dinten sanesipun ingkang petangan saatipun dhawah wonten sore 16.00 – 23.00 utawi bangun 08.00 – 15.00, amargi menawi tengah wengi nglampahaken lamaran kirang limrah. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Sing penting nek nggoleki saat kuwi sing lumrah mas. Umpama arep lamaran, pasok tukon, pa liyane kuwi sing lumrah. Umpama wis dietung kok tibane saate ora lumrah berarti kuwi kurang pas, ya kudu ganti dina sing isa tiba saat sing pas, lumrah.” CLW 03

3. Nemtokaken Arah Laku Lamaran

Menawi sampun nemtokaken dinten kaliyan saat wekdal ingkang pas kangge lamaran, salajengipun madosi arah laku. Wonten masarakat Jawi arah laku menika taksih dipun gatosaken. Amargi menawi arah laku menika boten pas kaliyan dinten pasaran biasanipun apes utawi nemahi alangan. Anggenipun nemtokaken arah laku pathokanipun menika :

a. Dinten

Senin = Ler kilen Selasa = Kidul kilen Rebo = Kilen Kemis = Wetan kidul Jumat = Ler Setu = Kidul Minggu = Ler wetan