Pengetan setunggal dinten sedanipun Pengetan 3 dinten sedanipun

e. Pengetan 100 dinten sedanipun

Menawi badhe madosi dinten menapa pengetan 100 dinten sedanipun, angkag ingkang dipunginakaken inggih menika angka 2. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Angka 2 nggo nggoleki 100 dinane.” CLW 04 Caranipun ngginakaken : Dinten sedanipun + 2 dinten Minggu Legi + 2 dinten= Minggu Legi, Senin Paing Mila pengetan 100 dinten sedanipun dinten Senin Paing wonten sasi April 2015.

f. Pengetan 1 taun sedanipun

Menawi badhe madosi dinten menapa pengetan 1 taun sedanipun, angkag ingkang dipunginakaken inggih menika angka 4. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Angka 4 nggo nggoleki setaune.” CLW 04 Caranipun ngginakaken : Dinten sedanipun + 4 dinten Minggu Legi + 4 dinten= Minggu Legi, Senin Paing, Selasa Pon, Rebo Wage Mila pengetan 1 taun sedanipun dinten Rebo Wage wonten sasi Januari 2016.

g. Pengetan 2 taun sedanipun

Menawi badhe madosi dinten menapa pengetan 2 taun sedanipun, angkag ingkang dipunginakaken inggih menika angka 1. Angka 1 tegesipun wangsul saking dinten sedanipun, inggih menika Minggu Legi. Mila pengetan 2 taun sedanipun rikala dinten Minggu Legi sasi Januari 2017. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Lha nek nggoleki rong taune kui gmapang mas, titenani angka 1. Tegese 1 bali ning dina sedane mbien.” CLW 04

h. Pengetan 100 dinten sedanipun

Menawi badhe madosi dinten menapa pengetan 1000 dinten sedanipun, angka ingkang dipunginakaken inggih menika angka 6. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Angka 6 nggo nggoleki 1000 dinane.” CLW 04 Caranipun ngginakaken : Dinten sedanipun + 6 dinten Minggu Legi + 6 dinten= Minggu Legi, Senin Paing, Selasa Pon, Rebo Wage, Kemis Kliwon, Jumat Legi Mila pengetan 1000 dinten sedanipun dinten Jumat Legi kirang langkung wonten sasi Januari 2018. Menawi wonten sasi Januari 2018 menika boten wonten dinten Jumat Legi, saged dipunpadosi wonten sasi saderengipun, amargi menawi wonten sasi sasampunipun Januari, menika sampun langkung saking 1000 dinten, boten pas malih.

3. Petangan ingkang dipunginakaken wonten damel griya

Griya inggih menika bangunan ingkang dados papan kangge manggen tiyang piyambak utawi kaluarga, ingkang adatsabenipun menika kanthi wekdal ingkang dangu, pramila saking menika, menawi tiyang badhe damel griya temtunipun gadhah pangajab bilih griya menika benjing dados griya ingkang adhem ayem saha saged maringi katentreman dhateng ingkang manggen.