Dhasaring Panaliten PETANGAN JAWI WONTEN MASARAKAT DHUSUN KERTOPATEN WIROKERTEN BANGUNTAPAN BANTUL.

Perkawis menika ingkang narik kawigatosan panaliti supados neliti babagan petangan Jawi, miturut panaliti petangan Jawi menika tradhisi ingkang gadhah nilai ingkang inggil sanget saha kedah dipunlestantunaken, pramila panaliti badhe neliti menapa kemawon petangan-petangan ingkang taksih dipunginakaken wonten Dhusun Kertopaten, menapa ginanipun petangan menika, kados pundi anggenipun ngginakaken petangan-petangan menika, saha saking pundi mula bukanipun petangan-petangan menika.

B. Underaning Perkawis

Saking dhasaring panaliten menika, perkawis ingkang medal wonten panaliten inggih menika : 1. petangan-petangan ingkang taksih dipuginakaken wonten masarakat Dhusun Kertopaten, Wirokerten, Banguntapan, Bantul; 2. ginanipun petangan menika; 3. caranipun ngginakaken petangan-petangan menika; 4. mula bukanipun petangan-petangan menika.

C. Watesing Perkawis

Perkawis ingkang wonten lajeng dipunwatesi, supados panaliten menika langkung cetha. Perkawis ingkang badhe dipunkaji inggih menika : 1. petangan-petangan ingkang taksih dipunginakaken wonten masarakat Dhusun Kertopaten, Wirokerten, Banguntapan, Bantul; 2. ginanipun petangan menika; 3. caranipun ngginakaken petangan-petangan menika.

D. Wosing Perkawis

Kanthi watesing panaliten ingkang sampun dipuntemtokaken wonten nginggil, pramila wosing panaliten inggih menika : 1. petangan-petangan menapa kemawon ingkang taksih dipunginakaken kaliyan masarakat Dhusun Kertopaten, Wirokerten, Banguntapan, Bantul? 2. menapa ginanipun petangan-petangan menika? 3. kados pundi caranipun ngginakaken petangan-petangan menika?

E. Ancasing Panaliten

Wonten panaliten menika, gadhah ancas ingkang kedah dipungayuh inggih menika : 1. mangertos petangan-petangan menapa kemawon ingkang taksih dipunginakaken wonten masarakat Dhusun Kertopaten, Wirokerten, Banguntapan, Bantul; 2. mangertos ginanipun petangan-petangan ingkang wonten ing Dhusun Kertopaten, Wirokerten, Banguntapan, Bantul; 3. mangertos kados pundi anggenipun ngginakaken petangan-petangan ingkang wonten ing Dhusun Kertopetan, Wirokerten, Banguntapan, Bantul;

F. Paedahing Panaliten

Panaliten menika nggadahi pangajab saged nambah wawasan babagan petangan-petangan Jawi kangge masarakat umum, saha mliginipun kangge masarakat wonten Dusun Kertopaten, Wirokerten, Banguntapan, Bantul menika supados saged nglestantunaken warisan folklor ingkang awujud petangan- petangan Jawi menika. Supados petangan menika boten ical saha benjing putra wayah menika taksih saged mangertos babagan tilaran leluhur ingkang nggadahi nilai kabudayan ingkang inggil sanget menika. Panaliten menika ugi saged dipunginakaken kagem pathokan utawi sumber kagem panaliti salajengipun ingkang badhe neliti langkung komplit babagan petangan-petangan dinten wonten masarakat Jawi sanesipun.