Pasang Tarub PETANGAN JAWI WONTEN MASARAKAT DHUSUN KERTOPATEN WIROKERTEN BANGUNTAPAN BANTUL.

Jumat : 6 14 : 3 = 3, 3, 3, 3 tirah 2 Kliwon : 8 Tirah 2 tegesipun dhawah wonten tengah wengi 24.00 – 07.00.Kados dene sanesipun, menawi sampun dipunetang dhawahipun saat wekdal boten limrah, langkung sae pados dinten sanesipun ingkang saged dhawah wonten saat wekdal ingkang limrah. Tuladhanipun menawi sampun dipuntemtokaken dinten ijab setu legi, langkung sae midodareni dipunlampahaken kemis wage. Kemis : 8 12 : 3 = 3, 3, 3, 3 genep Wage : 4 Dhawah wonten saat wekdal bangun 08.00 – 15.00 langkung sae tinimbang diten jumat kliwon ingkang dhawah saat wekdal tengah wengi 24.00 – 07.00.

E. Ijab Qabul

Wonten adicara manten, ijab qabul menika minangka adicara ingkang paling sakral, paling wigati, pramila saking menika anggenipun nemtokaken kapan badhe ijab boten pareng ngawur, supados rikala adicara ijab boten wonten alangan lan ingkang langkung wigati benjing temanten kekalih ingkang dipunijabaken saged dados kaluarga ingkang sakinah mawaddah wa rahmah. Lan ugi saderengipun madosi dinten kangge nglampahaken ijab wonten saperangan babagan ingkang kedah dipungatosaken,kados ingkang dipunandharaken dening informan ngandhap menika: “Nek arep nganggo itungan tenanan, sakdurunge ijab kuwi ana saperangan sing kudu digatekake mas, umpamane ora ijab ning sasi sura, ora ijab ning minggu pertama, isane ijab minggu keloro karo kepapat, kuwi we kejaba dina selasa lho, trus minggu ketelu isane ijab dina selasa.” CLW 03 Saking andharan menika saged dipunjlentrehaken kados mekaten:

1. Langkung sae boten ijab rikala wulan Sura

Wonten masarakat Jawi wonten kapitadosan bilih boten pareng ijab rikala sasi Sura amargi sasi menika boten sae lan saged nemahi alangan menawi ijab. Sajatosipun menika kirang leres. Jaman rumiyin tiyang sepuh boten marengaken ijab rikala sasi Sura menika boten amargi sasi menika boten sae kangge ijab, ananging namung kangge ngurmati sasi Sura menika sasinipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, inggih menika rikala Nabi Muhammad SAW hijrah saking Makkah tumuju Madinah. Boten namung menika kemawon, langkung sae boten ijab rikala sasi Sura amargi adatsabenipun wonten Ngayogyakarta sasi menika ingkang ngginakaken kaluarga ageng Kraton Ngayogyakarta, pramila jaman rumiyin para tiyang sepuh boten marengaken ijab rikala sasi Sura kangge ngurmati kaluarga rajanipun. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “sakjane kok raoleh ijab pas sura kuwi ora merga sasi sura kuwi elek, malah sasi sura kuwi apik banget,sasine kanjeng Nabi. Sasi sura kuwi rak cara islame muharam to mas. Tur meneh sasi sura kuwi istilahe wis ana sing duwe, nek nggone dhewe kuwi sing duwe ya Kraton, mila jaman mbien ana tetembungan, setaun ming dijupuk sesasi nggo rajane we kok ra oleh, isih ana 11 sasi tunggale, ndak dikira ngaya. Intine awake dhewe wong biyasa ora nganggo sasi sura kuwi ming kon ngurmati, ora merga sasi sura kuwi elek.” CLW 03