Saat ingkang sae Nemtokaken arah Dinten Pasaran

Legi = Ngetan Saengga kangge miwit tandur ingkang sae arah Ngilen utawi Ngetan. Salajengipun badhe kaandharaken petangan ingkang dipunginakaken rikala badhe panen. Anggenipun ngginakaken petangan menika sami kaliyan petangan badhe tandur, inggih menika ngginakaken nepton lair ingkang kagungan sabin, kangge madosi dinten ingkang sae, saat ingkang sae lan arah wiwitan panen ingkang sae. Langkung cetha kados menika :

a. Nemtokaken dinten

Neptonipun ingkang kagungan sabin selasa paing Selasa : 3 12 Paing : 9 Dipunpadosi dinten sanesipun ingkang sami gunggungipun 12. Saumpami milih dinten kemis wage. Kemis : 8 12 : 5 = 5,5 tirah 2 = Rejeki “Sae” Wage : 4 Saengga dinten ingkang sae kangge miwiti panen menika dinten Kemis Wage.

b. Nemtokaken saat wekdal utawi jam

Menawi sampun dipuntemtokaken dinten badhe wiwit tandur dinten kemis wage, salajengipun madosi saat wekdal utawi jam kangge wiwit tandur. Anggenipun madosi saat wekdal utawi jam ingkang sae caranipun sami kados wonten petangan sanesipun. Gunggung petangan dinten dipunpara 3, sore, tengah wengi, bangun. Kados ingkang dipunandharaken dening informan : “carane ngetung saat sing apik kuwi kabeh padha mas, jumlahe dina pasaran dibagi 3, sore, tengah wengi, bangun.” CLW 07 Kemis : 8 12 : 3 = 3,3,3,3 Genep = Bangun 08.00 – 15.00 Wage : 4 Saengga saat wekdal utawi jam ingkang sae kagge miwit panen menika antawis jam 8 enjing dumugi jam 3 sonten.

c. Nemtokaken arah

Menawi sampun dipntemtokaken dinten lan jam kangge wiwit tandur, salajengipun nemtokaken arah kangge miwit tandur. Anggenipun nemtokaken arah menika ngginakanen pathokan arah miturut dinten lan pasaran, boten kosokwangsulipun. Kados ingkang dipunandharaken dening informan : “Ning nek dinggo tandur karo panen kuwi le nggunakke arahe ora walikan, dadi padha pathokan dinane. Nek jumat ngalor, berarti arahe ya ngalor.” CLW 07 Pathokanipun menika :

a. Dinten

Senin = Ler kilen Selasa = Kidul kilen Rabu = Kilen Kamis = Kidul wetan Jumat = Ler Sabtu = Kidul Minggu = Ler wetan

b. Pasaran

Legi = Wetan Paing = Kidul Pon = Kilen Wage = Ler Kliwon = Tengah Saumpami sampun dipuntemtokaken badhe wiwit panen dinten kemis wage. Arahipun : Kemis : Kidul Wetan Wage : Ler Saengga arah ingkang sae kangge miwit tandur menika saking arah Kidul wetan utawi saking ler.