Nemtokaken Papan Panaliten PETANGAN JAWI WONTEN MASARAKAT DHUSUN KERTOPATEN WIROKERTEN BANGUNTAPAN BANTUL.

kathahipun, ingkang wigati sampun cekap saha dumugi “data jenuh”, inggih menika boten dipunpanggihaken informasi sanes malih saking subjek panaliten. Saking pamanggih ahli ing nginggil, anggenipun pados informan panaliten inggih menika pados tiyang ingkang saged paring informasi babagan tradhisi petangan Jawi wonten dhusun Kertopaten. Informan ingkang kaping pisan menika dipundadosaken informan kunci. Menawi tiyang kala wau sampun dipunsuwuni sedaya informasi babagan data panaliten lajeng panaliti nyuwun pirsa dhateng informan kunci babagan tiyang sanes ingkang kinten-kinten saged paring informasi babagan data ingkang saweg dipunkempalaken. Informan panaliten boten wonten watesan kathah sekedhikipun, dados anggenipun mungkasi pados data boten manut kaliyan kathahipun informan, ananging menawi data ingkang sampun dipunkempalaken sampun jenuh, tegesipun inggih menika saking informan sampun boten wonten dipunpanggihaken data sanesipun, data ingkang wonten sampun sami kaliyan data informan sanesipun. Anggenipun nemtokaken informan kunci saha informan wonten panaliten menika boten namung ngawur ananging wonten saratipun, Endraswara 2006: 119 ngandharaken bilih ingkang dados informan kunci kedah nggatosaken tetimbangan, inggih menika : 1. tiyang menika gadhah pengalaman pribadi ingkang jumbuh kaliyan perkawis ingkang dipunteliti; 2. yuswanipun tiyang menika sampun dewasa; 3. tiyang menika sehat jasmani saha rohani; 4. tiyang menika sipatipun netral, boten gadhah kepentingan pribadi ingkang kangge ngawonaken tiyang sanes; 5. tiyang menika tokoh masarakat; 6. tiyang menika gadhah pangertosan ingkang wiyar ngengingi perkawis ingkang dipunteliti, lan sanesipun. Adhedhasar saking pamanggihipun ahli wonten inggil, panaliti anggenipun nemtokaken informan panaliten jumbuh kaliyan sarat informan menika. Informan kedah mangertos babagan petangan Jawi, saged saha taksih ngginakaken petangan Jawi menika, yuswanipun sampun dewasa, sehat jasmani saha rohani, sipatipun netral, saha kagungan pamanggih kangge ngandharaken saha caos informasi babagan tradhisi petangan Jawi.

1. Data Primer

Data primer inggih menika data ingkang dipunpundhut kanthi cara wawanrembag langsung wonten lapangan kaliyan informan ingkang sampun dipuntemtokaken. Informan kunci inggih menika Mbah Badar. Mbah Badar menika tiyang ingkang dipunanggep minangka sesepuh kaliyan warga masarakat dhusun Kertopaten. Wonten pagesangan saben dinten, Mbah Badar menika taksih ngginakaken petangan Jawi, lan ugi kathah warga masarakat dhusun Kertopaten ingkang nyuwun tulung kaliyan Mbah Badar supados ngetangaken menawi tiyang menika badhe wonten jejibahan kadosta mantu menapa sanesipun. Dene informan inggih menika warga masarakat dhusun Kertopaten ingkang dipunrekomendasiaken dening Mbah Badar ingkang saged ngginakaken petangan Jawi.