Jinising Panaliten PETANGAN JAWI WONTEN MASARAKAT DHUSUN KERTOPATEN WIROKERTEN BANGUNTAPAN BANTUL.

Papan ingkang kangge panaliten inggih menika saged nguntungaken panaliti amargi tiyang-tiyangipun ingkang sami respek saha purun dados subyek panaliten. Papan panaliten menika ugi saged ngasilaken data kanthi jangkep. Papan panaliten menika wonten narasumberipun utawi informan ingkang taksih ngginakaken tradhisi petangan Jawi ing saben dinten, saengga panaliti boten bingung pados informasi babagan tradhisi petangan Jawi wonten Dhusun Kertopaten, Wirokerten, Banguntapan, Bantul.

C. Informan Panaliten

Ingkang dipunsebat informan inggih menika tiyang ingkang kagungan informasi babagan panaliten. Informan kaperang dados key informan saha informan. Key informan tegesipun informan kunci ingkang dados kunci pimpinan formal saha informal saha kagungan informasi babagan data ingkang badhe dipun teliti. Dene ingkang dipunwastani informan inggih menika bebrayan ageng ingkang saged utawi taksih ngginakaken petangan Jawi, saged tiyang sepuh ingkang saged ngginakaken petangan Jawi utawi tiyang ingkang nate ngginakaken petangan Jawi, saha tiyang awam. Anggenipun nemtokaken informan kunci wonten panaliten menika ngginakaken cara snow-ball sampling. Endraswara 2006: 206 ngandharaken bilih snow-ball sampling inggih menika kados bola salju ingkang ngglindhing angenipun nemtokaken objek panaliten. Panaliti pados tiyang ingkang kersa wonten ing lapangan, inggih menika tiyang-tiyang ingkang saged dipunajak guneman saha saking panjenenganipun data badhe dipunpanggihaken. Saking tiyang menika ugi badhe wonten penambahan sampel utawi subyek sanesipun. Cacahing sampel boten wonten watesan sekedhik utawi kathahipun, ingkang wigati sampun cekap saha dumugi “data jenuh”, inggih menika boten dipunpanggihaken informasi sanes malih saking subjek panaliten. Saking pamanggih ahli ing nginggil, anggenipun pados informan panaliten inggih menika pados tiyang ingkang saged paring informasi babagan tradhisi petangan Jawi wonten dhusun Kertopaten. Informan ingkang kaping pisan menika dipundadosaken informan kunci. Menawi tiyang kala wau sampun dipunsuwuni sedaya informasi babagan data panaliten lajeng panaliti nyuwun pirsa dhateng informan kunci babagan tiyang sanes ingkang kinten-kinten saged paring informasi babagan data ingkang saweg dipunkempalaken. Informan panaliten boten wonten watesan kathah sekedhikipun, dados anggenipun mungkasi pados data boten manut kaliyan kathahipun informan, ananging menawi data ingkang sampun dipunkempalaken sampun jenuh, tegesipun inggih menika saking informan sampun boten wonten dipunpanggihaken data sanesipun, data ingkang wonten sampun sami kaliyan data informan sanesipun. Anggenipun nemtokaken informan kunci saha informan wonten panaliten menika boten namung ngawur ananging wonten saratipun, Endraswara 2006: 119 ngandharaken bilih ingkang dados informan kunci kedah nggatosaken tetimbangan, inggih menika : 1. tiyang menika gadhah pengalaman pribadi ingkang jumbuh kaliyan perkawis ingkang dipunteliti; 2. yuswanipun tiyang menika sampun dewasa; 3. tiyang menika sehat jasmani saha rohani;