Nemtokaken dinten Wiwit ngedhuk pondhasi

21 : 5 = 5,5,5,5 tirah 1 = Sri “rejeki” Jumat : 6 11 Legi : 5 Menawi kados menika, menawi neptonipun ingkang badhe damel griya minggu legi, dinten ingkang sae kangge miwiti ngedhuk pondhasi dinten jumat legi.

b. Nemtokaken saat wekdal utawi jam wiwit ngedhuk pondhasi

Menawi sampun dipuntemtokaken dinten kangge miwiti ngedhuk pondasi, salajengipun madosi saat wekdal utawi jam ingkang sae kangge miwit ngedhuk pondhasi. Anggenipun madosi saat wekdal utawi jam, caranipun sami ngginakaken petangan dinten lajeng dipunpara 3 saat wekdal sore, tengah wengi, bangun. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “nggoleki saat wekdal kuwi pada kabeh mas, jumlah petangan dina dibagi 3, sore, tengah wengi, bangun.” CLW 05 Tuladhanipun : Sampun dipuntemtokaken dinten miwiti ngedhuk pondhasi menika dinten ingkang sami petanganipun kaliyan neptonipun, inggih menika jumat legi. Saat wekdal utawi jam ingkang sae kangge miwiti inggih menika : Jumat : 6 11 : 3 = 3,3,3 tirah 2 = Tengah wengi 24.00 – 07.00 Legi : 5 Saumpami asilipun petangan kados menika, dhawah wonten saat tengah wengi 24.00 – 07.00 , menawi tiyang menika manteb, saged kemawon miwiti ngedhuk jam semanten, amargi ingkang nama miwiti menika ingkang wigati anggenipun miwiti, menawi anggenipun ngrampungaken badhe kapan-kapan boten menapa-menapa. Saumpami ngedhuk setungal pacul lajeng mandhek, menika sampun dipunsebat miwiti. Dados boten menapa-menapa boten ngantos rampung. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Umpama dietung, tibane jam pas tengah wengi, nek wonge manteb arep lekas jam kuwi ya rapapa mas, wong jeneng miwiti ki ra kudu rampung, ngedhuk sak pacul, terus leren pacule deleh nggon kono yo rapapa, diteruske sesuk. Sing penting nak le miwiti mas, nek le ngrampungke bebas arep kapan.” CLW 05 Ananging menawi tiyang menika mantebipun badhe miwiti ngedhuk pondhasi wonten wanci enjing ingkang limrah, anggenipun nemtokaken dinten dipunpadosi ingkang gunggung petangan dintenipun telas dipunpara 3, saumpami dinten minggu pon, minggu wage, senin pon, senin wage, selasa paing, rebo legi, rebo kliwon, kemis wage, kemis pon, jumat paing utawi setu paing. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “ning nek sing duwe mantebe lekas ngedhuk pondhasi jam esuk ben isa terus, berarti ya golek dina pasaran sing jumlahe entek dibagi 3 mas.” CLW 05 Tuladhanipun dipunpilih dinten kemis wage. Kemis : 8 12 : 3 = 3,3,3,3 genep = bangun 08.00-15.00 Wage : 4 Menawi mekaten saged dipunwiwiti ngedhuk pondhasi antawisipun jam 8 enjing dumugi jam 15.00 utawi jam 3 sonten.

c. Nemtokaken arah wiwit ngedhuk pondhasi

Menawi sampun dipuntemtokaken dinten badhe wiwit ngedhuk pondhasi, salajengipun madosi arah wiwit ngedhuk pondasi. Wonten babagan ngedhuk pondhasi, anggenipun ngginakaken arah jumbuh kaliyan dintenipun. Boten kados wonten babagan petangan manten ingkang ngginakaken arahipun kosokwangsulipun. Pathokan arah miturut dinten lan pasaranipun sami kados ingkang sampun kaserat wonten nginggil, inggih menika:

a. Dinten

Senin = Ler kilen Selasa = Kidul ilen Rebo = Kilen Kemis = Kidul Wetan Jumat = Ler Setu = Kidul Minggu = Ler wetan

b. Pasaran

Legi = Wetan Paing = Kidul Pon = Kilen Wage = Eler Kliwon = Tengah