Petangan wonten bab manten Petangan wonten bab sripah

jam sing pas nek arep pindhah, terus nemtokke arah lakune pas pindhah sing apik nendi.” CLW 01

5. Petangan kangge madosi barang ical

Wonten petangan kangge madosi barang ical menika, sajatosipun boten kangge madosi barang ingkang ical, ananging namung kangge ngemutaken tiyang ingkang kelangan menika supados ngemut-emut malih barang menika kinten- kinten ical wonten pundi. Amargi ingkang nama tiyang kelangan adatsabenipun anggenipun madosi kemrungsung, grusa-grusu, pramila petangan menika kangge mbiyantu tiyang ingkang kelangan menika supados ngemut-emut, lan ugi petangan menika saged kangge ngira-ira wonten arah pundi anggenipun madosi barang ingkang ical menika mawi pathokan dinten keraos barang menika ical. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken dening informan: “sakjane gunane petungan iki ora nggo nggoleki mas, ning ming dinggo ngelingke, karo ngenei dalan ben kelingan. Soale nek wong kelangan kuwi biasane kemrungsung, grusa-grusu dadi sok-sok sepele we isa lali, mulane dietung ki nggo ngelingke, terus nggo ngira-ira barang kuwi isih isa ketemu apa ora, karo ngenei dalan nek dina iki le ilang, le nggoleki arahe ndene, ngono.” CLW 06

6. Petangan kangge madosi sebab lan tamba sesakit

Wonten petangan kangge madosi sebab sesakit lan tambanipun menika, ginanipun petangan kangge madosi sebab sesakit miturut dinten wiwit keraos sakit. Menawi sampun mangertos sebabipun sesakit menika amargi menapa, salajengipun saged madosi tambanipun menapa, lajeng arahipun ingkang sae anggenipun madosi tamba arah pundi ngginakaken petangan dinten rikala badhe pados tamba. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken dening informan: “Gunane petungan nggon dinggo nggoleki sebab penyakit ki ya dinggo nggeloki sebab penyakit, le nggoleki sebabe kuwi nganggo pathokan dina kerasa le lara. Nek uwis ketemu penyebabe terus isa ditentokne tambane ki apa, le golek tamba arah ngendi sing pas ben tambane isa mujarab.” CLW 01

7. Petangan wonten bab lelungan

Lelungan menika wonten kalih jinis, ingkang setunggal lelungan ingkang wigati, lajeng ingkang angka kalih lelungan saben dinten. Menawi lelungan wigati menika lelungan ingkang wonten ancas ingkang wigati, tuladhanipun lamaran, pasok tukon, boyongan, nagih utang, pados pedamelan, lan sanesipun. Menawi lelungan ingkang saben dinten inggih menika lelungan ingkang dipuntindakaken saben dinten, kados dene sekolah, nyambut damel, dolan, lan sanesipun. Wonten petangan babagan lelungan menika, ginanipun petangan inggih menika kangge nemtokaken dinten ingkang sae kangge lelungan, saat wekdal utawi jam ingkang sae menawi badhe lelungan, lan kangge nemtokaken arah lampah utawi lakunipun menawi badhe lelungan. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunadharaken dening informan: “Gunane petungan nggon bab lelungan iki, dinggo nggoleki dina sing pas, dina sing apik nggo lunga sing ana tujuan penting, umpama lamaran, pasok tukon, nagih utang, golek gawean. Terus petungane iki isa dinggo nemtokake jam sing pas, sing apik nggo lunga ki jam pira, karo arah lakune sing pas kui arah ngendi.”CLW 01

8. Petangan wonten bab bayen

Wonten petangan bab bayen menika, ginanipun petangan namung sekedhik, inggih menika namung kangge ngira-ngira saat wekdal utawi jam bayi menika lair lan kangge niteni watak bayi miturut sasi lairipun. Kados ingkang dipunandharaken informan: