Paing = Kidul
Pon = Kilen
Wage = Ler
Kliwon = Tengah
Menawi sampun dipuntemtokaken dinten kemis legi, Kemis : kidul wetan
Legi : wetan Saengga ingkang sae arah lampahipun boten ngetan. Kados dene nginggil wau
menawi arah dalemipun besan menika ngetan, saged dipunakali menawi mlebetipun dhusun arah ngaler, ngidul, ngilen ingkang baku boten arah ngetan.
2. Petangan ingkang Dipunginakaken wonten Sripah
Wonten masarakat Jawi, menawi wonten kaluarga utawi sedherek ingkang tilar donya adatsabenipun dipunwontenaken pengetan dinten sedanipun. Pengetan
menika dipunwontenaken rikala setunggal dinten sedanipun, 3 dinten sedanipun, 7 dinten sedanipun, 40 dinten sedanipun, 100 dinten sedanipun, 1 taun sedanipun, 2
taun sedanipun, dumugi 3 taun sedanipun. Supados anggenipun ngawontenaken pengetan sedanipun menika pas kaliyan dinten lan pasaran sedanipun, anggenipun
madosi dinten pengetanipun ngginakaken petangan angka 1,3,7,5,2,4,1,6. Anggenipun ngginakaken angka-angka menika kanthi cara Dinten sedanipun +
angkanipun. Ananging ingkang kedah dipunemut anggenipun miwiti ngetang
menika saking dinten sedanipun, boten dinten sedanipun ditambah angkanipun. Tuladha :
Senin Paing + 3= Senin Paing, Selasa Pon, Rebo Wage.
1 2
3
Anggenipun wiwit ngetang saking Senin Paing, boten Selasa Pon. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan:
“Pathokane dinggo nggoleki dina pengetan kuwi nganggo angka 1,3,7,5,2,4,1,6. 1 kuwi dina sedane, 3 nggo nggoleki telung dinane, 7 nggo
nggoleki pitung dinane, 5 nggo nggoleki 40 dinane, 2 nggo nggoleki 100 dinane, 4 nggo nggoleki setaune, 1 nggo nggoleki rong taune, terus 6 nggo
nggoleki 1000 dinane. Cara nganggone gampang, dina sedane ditambah angka-angka kuwi. Ning sing perlu dieling-eling le ngetung kuwi seka
dina sedane, ora kok dina sedane trus ditambah angka kuwi. Contone, arep nggoleki 100 dinane, berarti dina sedane ditambah 2. Umpama
sedane senin paing, tambah 2 berarti le ngetung seko senin paing,selasa pon, dadi tibane selasa pon. Ora kok senin paing ditambah 2, mengko
tibane dadi rebo wage, kuwi wis geseh.” CLW 04 Andharan menika ugi jumbuh kaliyan ingkang kaserat wonten Kitab
Primbon Betaljemur Adammakna 2013:231 ingkang nyebataken bilih : “ saumpama wong mati dina kemis wage, iku 3 dinane tiba setu legi, 7 dinane
tiba rebo kliwon, 40 dinane tiba senin pon, 100 dinane tiba jumat pon, setaune tiba minggu paing, nyewune tiba selasa pon.”
Saking andharan informan saha buku ing nginggil menika saged dipunpundhut dudutan bilih anggenipun nemtokaken dinten menapa dinten
pengetan tigang dinten sedanipun benjing menika saking dinten sedanipun dipuntambah 3 dinten, nemtokaken pengetan 7 dinten menika saking dinten
sedanipun dipuntambah 7 dinten, nemtokaken pengetan 40 dinten menika saking sedanipun dipuntambah 5 dinten, nemtokaken pengetan 100 dinten menika saking
sedanipun dipuntambah 2 dinten, nemtokaken pengetan setunggal taun menika