Madosi dinten kangge pasang molo

3. Damel sumur

Sumur tegesipun inggih menika sumber panguripan, pramila wonten marakat dhusun Kertopaten menawi badhe damel sumur adatsabenipun nyuwun dhateng tiyang sepuh ingkang linuwih utawi ingkang saged petangan Jawi, papan pundi ingkang pas kangge damel sumur, dinten menapa lan jam pinten wiwit damel sumur. Sedaya menika dipunlampahaken amargi gadhah pangajab menawi sumur menika dipundamel wonten papan ingkang pas, sae, lajeng dintenipun damel sumur ugi pas, sumur menika benjing toyanipun katha, sae kangge sumber panguripan. Wonten ngandhap menika badhe dipunandharaken petangan-petanganipun ingkang dipunginakaken menawi badhe damel sumur.

a. Pados dinten ingkang sae

Anggenipun madosi dinten kangge damel sumur, pathokanipun sami kados ingkang kaserat wonten nginggil wau inggih menika dipun padosi dinten ingkang petanganipun sami kaliyan nepton ingkang badhe damel sumur, lajeng gunggungipun petangan menika dipun para 5 sri “mulya”, rejeki “pinter golek pangupajiwa”, gedhong “kuat dadi wong sugih”, lara “laraseret” lan pati “mati”. Kados ingkang dipunandharaken dening informan : “Petungan nggo gawe sumur kuwi padha karo nek wiwit ngedhuk pondhasi mau. Dadi nek arep golek dina nggo gawe sumur kuwi pathokane nganggo neptone sing arep gawe. Carane digoleki dina sing petungane padha karo neptone. Nek neptone kurang apik ya diakali nganggo cara golek dina sing apik terus ditambah karo neptone kuwi.” CLW 05 Tuladha : Nepton = Kemis legi 13 Kemis = 8 Legi = 5 Pilian dinten ingkang petanganipun sami 13 ingih menika: rebo kliwon, jumat pon, setu wage, minggu kliwon. Saumpami dipunpilih dinten setu wage. Setu = 9 13 : 5= 5,5 tirah 3 = Gedhong sae Wage = 4 Saengga menawi miturut petangan menika dinten ingkang sae inggih menika dinten setu wage. Ananging menawi nepton ingkang badhe damel sumur menika kirang sae miturut petanganipun, kados jumat Kliwon. Jumat = 6 14 : 5= 5,5 tirah 4 = Lara kirang sae Kliwon = 8 Menika saged dipunewahi kanthi cara pados dinten ingkang menawi petanganipun dipungunggung kaliyan nepton menika asilipun saged sae. Pilian dintenipun ingkang sae inggih menika : kemis wage, kemis legi, setu legi, minggu paing. Saumpami dipunpilih dinten kemis wage. Kemis = 8 12 Wage = 4