Petangan ingkang dipunginakaken kangge madosi barang ical

1. Wit

Wit utawi uwit. Menika kangge nggambaraken awakipun piyambak. Tegesipun, menawi barang ical lajeng dipunetang dhawahipun wonten wit, barang menika ical amargi awakipun piyambak menika kesupen. Tuladhanipun, tiyang menika badhe siram, saderengipun siram menika nyopot ali-ali utawi kalung, lajeng sasampunipun siram amargi kesesa, ali-ali utawi kalung menika kesupen dereng diagem malih, lajeng tiyang menika ngeraos kelangan. Pramila menawi barangipun ical, lajeng dipunetang dhawah wonten wit, adatsabenipun barang menika ical amargi awakipun piyambak menika kesupen. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “ Wit utawi uwit, kuwi nggo nggambarke awake dhewe mas. Tegese, nek barange ilang terus dietung kok tibane uwit, berarti barang kuwi ilang merga awake dhewe lali. Biyasane lali le deleh, mula nek ana wong tekon barange ilang, terus tak etung tibane wit, tak kon ngeling-ngeling meneh, keri dhewe le nganggo kapan, terus kira-kira keri dhewe dideleh ngendi, kuwi biasane ketemu.” CLW 06

2. Pang

Pang utawi gagang uwit. Senajan pang menika saged mulung tebih saking badan uwit, ananging pang menika taksih perangan ingkang caket utawi nemplek kaliyan badan uwit. Pramila menawi wonten petangan barang ical menika dhawah wonten pang, sajatosipun barang menika ical amargi luputipun tiyang menika piyambak, tegesipun saged dhawah, menapa kesupen. Ananging barang ingkang ical menika sampun dipuntemu utawi dipunrawati dening tiyang ingkang caket. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “ Senajan pang kuwi mulunge isa nendi-nendi, ning rak pang kuwi isih bagian cedhak seka uwit ta mas, tegese ngene, dadi nek barang ilang, terus dietung kok tibane pang, berarti asline barang kuwi ilang merga lupute awake dhewe, mbuh kuwi le deleh lali, apa gogrok. Terus barang kuwi wis ditemu utawa dirumati karo wong sing cedhak utawa sing kenal. Contone ngene, umpama awake dhewe jagongan ning teras nggonku, terus dompetmu kecer. Kowe bali dompetmu kui tak temu, ning gandeng kesusu apa ngapa, aku lali nek nemu dompetmu, aku urung omong karo kowe. Mulane nek ana sing kelangan barang, terus dietung ketemu pang, kuwi biasane tak kon ngeling-ngeling karo ditekon-tekonke wong cedhake, sapa ngerti wong cedhake kuwi sing nemoke ning lali urung dibalekke.” CLW 06

3. Godhong

Godhong menika ugi perangan saking uwit. Ananging godhong menika saged dhawah, dhawahipun saged radi tebih saking uwit amargi katut angin. Saking andharan menika mila wonten petangan menika godhong tegesipun sampun radi tebih, amargi saged kemawon godhong menika dhawah lajeng katut angin radi tebih. Dados menawi tiyang menika barangipun ical, lajeng dipunetang dhawah wonten godhong, tegesipun barang menika sampun radi tebih. Utawi saged kemawon barang menika ingkang nemu tiyang tebih, tegesipun tebih menika dereng kenal. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Godhong kuwi ya isih bagian seka uwit ta mas, ning godhong kuwi isa wae gogrok terus kabur kena angin, dadi tibane rada adoh seka ngisor uwit kuwi. Lha kuwi tegese, barang sing ilang kuwi wis rada adoh seka awake dhewe, umpama barange kuwi ditemu uwong, sing nemu kuwi wong adoh, tegese wong sing ora kenal. Contone ngene, umpama kowe ning atm, njupuk duwit, tok tinggal ngleboke duwit ning dompet, kartune lali tok delehke, ora tok leboke dompet. Mbok ya nggon atm ki sok ana jenenge, ning gandeng sing nemu kuwi ra kenal, nak kangelan le arep mbaleke. Mula nek ana sing barange ilang, terus dietung kok tibane godhong, biasane tak kon ngeling-ngeling bar lunga seka ngendi, adoh apa ora. Nek umapama iya tak kon nggoleki meneh ning daerah kono kae mau, mbok menawa ditemu wong daerah kono sing ra kenal. Tur meneh kuwi biasane rodo suwe le ketemu, merga sing nemu wong ra kenal kuwi mau. Ning kabeh ki yo kersane gusti Allah mas, isa cepet isa suwi, malah isa ra ketemu barang.” CLW 06

4. Kleyang

Kleyang tegesipun kabur. Wonten petangan menika, menawi dipunetang lajeng dhawah wonten kleyang, adatsabenipun menika sampun ical boten saged ketemu malih. Amargi ingkang nama istilah kabur menika boten mangertos kabur dumugi pundi, kabur wonten pundi. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “Kleyang kuwi tegese kabur. Lha nek jeneng barang kabur kuwi nak ra ngerti, kabure nendi, kabure tekan ngendi. Mula nek ana sing kelangan, terus dietung tibane kleyang, kuwi biasane wis ra ketemu. Mendhing nggolek meneh wae.” CLW 06 Menawi sampun mangertos tegesipun saking tembung-tembung wit, pang, godhong, kleyang, salajengipun badhe kaandharaken caranipun ngginakaken petangan kangge madosi barang ical. Langkung cetha badhe kaandharaken ngandhap menika : Dinten kemutan : jumat legi Jumat: 6 11: 4 = 4,4 tirah 3 = Godhong “wis rada adoh” Legi : 5 Menawi asilipun kados menika, saged dipunmangertosi bilih barang menika ical radi tebih, utawi saged ugi dipunmangertosi bilih barang menika sampun wonten njawi griya. Salajengipun nemtokaken arah kangge madosi barang menika, anggenipun nemtokaken arah miturut dinten pasaran, pathokanipun sami, kados ingkang dipunandharaken dening informan :