Pasaran 5= 5,5 tirah 4 = Lara “Seretkirang sae”

menika ngginakaken petangan dinten Jumat Legi, amargi ingkang dinten pungkasan barang menika wonten dinten Jumat Legi. Salajengipun gunggung petangan dinten menika dipunpara 4, inggih menika wit “lali mergo awake dhewe”, pang “isih cedhak” , godhong “wis rada adoh”, kleyang “wis ilang”. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan : “Carane kuwi ora nganggo nepton lair kaya sing liane, ning nepton dina le krasa utawa kelingan barang kuwi ilang. Umpama le krasa barang ki ora ana dina Senin Legi, dietung kuwi pira jumlahe, terus dipara 4. Yaiku wit, pang , godhong, kleyang.”CLW 06 Andharan menika ugi jumbuh kaliyan ingkang kaserat wonten Kitab Primbon Betaljemur Adammakna 2013:210 bilih “nggoleki barang ilang temenan apa ora, gunggunge neptune dina lan pasarane nalika kelangan kapara 4, turah pira. Yen turah 1 tiba wit, barang ora ilang, sanajan ilang mung saka pangrekane kang dhuwe barang dhewe. Yen turah 2 tiba epang, kang njupuk sanake dhewe. Yen turah 3 tiba godhong, kang njupuk tepungane rabine, lan kena uga ijih sanak karo rabine, nanging wis adoh. Yen turah 4 kleyang, kang njupuk wong liya. Saking andharan informan lan pethikan Kitab Primbon Betaljemur Adammakna nginggil menika saged dipunpundhut dudutan bilih anggenipun madosi barang ical menika ngginakaken petangan gunggung dinten lan pasaranipun rikala keraos ical, lajeng dipunpara 4, inggih menika wit, pang, godhong lan kleyang. Saderengipun dipunandharaken caranipun ngetang, badhe dipunandharaken rumiyin tegesipun saking tembung-tembung wit, pang, godhong, lan kleyang.

1. Wit

Wit utawi uwit. Menika kangge nggambaraken awakipun piyambak. Tegesipun, menawi barang ical lajeng dipunetang dhawahipun wonten wit, barang menika ical amargi awakipun piyambak menika kesupen. Tuladhanipun, tiyang menika badhe siram, saderengipun siram menika nyopot ali-ali utawi kalung, lajeng sasampunipun siram amargi kesesa, ali-ali utawi kalung menika kesupen dereng diagem malih, lajeng tiyang menika ngeraos kelangan. Pramila menawi barangipun ical, lajeng dipunetang dhawah wonten wit, adatsabenipun barang menika ical amargi awakipun piyambak menika kesupen. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “ Wit utawi uwit, kuwi nggo nggambarke awake dhewe mas. Tegese, nek barange ilang terus dietung kok tibane uwit, berarti barang kuwi ilang merga awake dhewe lali. Biyasane lali le deleh, mula nek ana wong tekon barange ilang, terus tak etung tibane wit, tak kon ngeling-ngeling meneh, keri dhewe le nganggo kapan, terus kira-kira keri dhewe dideleh ngendi, kuwi biasane ketemu.” CLW 06

2. Pang

Pang utawi gagang uwit. Senajan pang menika saged mulung tebih saking badan uwit, ananging pang menika taksih perangan ingkang caket utawi nemplek kaliyan badan uwit. Pramila menawi wonten petangan barang ical menika dhawah wonten pang, sajatosipun barang menika ical amargi luputipun tiyang menika piyambak, tegesipun saged dhawah, menapa kesupen. Ananging barang ingkang ical menika sampun dipuntemu utawi dipunrawati dening tiyang ingkang caket. Andharan menika jumbuh kaliyan ingkang dipunandharaken informan: “ Senajan pang kuwi mulunge isa nendi-nendi, ning rak pang kuwi isih bagian cedhak seka uwit ta mas, tegese ngene, dadi nek barang ilang, terus dietung kok tibane pang, berarti asline barang kuwi ilang merga