Kilayunêdhêng, lampah 20, pêdhotan 5-6-6-5
wimbuh ing mandya, Bederedin Ha-[178]-san, kasmaran tumingal, pangantèn èstri,
lingnya mangkana, kawula tan nyana, ywan yoga makatên, kadadyanira, 2.
karsa narendra, nguni kula wus nyi-, pta manggih pataka, slami tumuwuh, wusana agung, kanohan kawula, dene mangke antuk, jodho andika,
kang arus tini-, mbangan ing sih trêsna, wusnya ling mangkana, rucat busana,
anulya tuma-, ma ing têpas wangi, Bederedin Hasan, sru garjitèng tyas, 3.
saking dènira, antuk jodho ayu, dyan rucat busana, panganggènira, tinumpangakên, ing kursi anunggil, kuji ingkang saking Iskak ing nguni,
nadyan wus kathah, dènnya umalapi, isi maksih pênuh, sêrban rinucat, arsa amusthi, kêrpus kang cumawis, jagining wong bucu, Bedredin
Hasan, 4.
tumamèng tilam, mung amawa rungki, rangkêpan kewala, kalawan mojah, mojahira pan, kêstin biru mawi, tangsul sêntanggèn
91
to-, ya êmas wiyar, rèhning wus rina, Kèn Seherah Sadhe, kèndêl dènnya crita, ratrinya
malih, ing waktu kadi, adat wus kalakyan, kusumèngrum wungu, lumajwèng
kata, 5.
samangka turnya, mring Prabu Sèhriyar, gusti Patih Gyafar, ngajêngkên criyos,
dupi Bedredi-, n Hasan wus anendra, jim priya murugi, gèning jim èstri, pangucapira, ing mêngko wis mangsa, ngrampungkên prakara, kang wus
kalakyan, têkèng samene, ywa kongsi karinan, awit wus andungkap, byar
marmanira, 6.
pangantèn priya, angkatkên ywa tangi, kang liningan sigra, tumamèng kamar,
91
sêtagèn
kapati dèni-, ra sami asupta, dyan Bedredin Ha-[179]-san, jinunjung de jim,
muhung amawa, rungkira rangkêpan, lan mojah kewala, winawa mumbul, parêng kalawan, sira êjim priya, rikatira dahat, ngeram-erami,
7. kongsi prapta ring, dwaralaning kita, praja ing Dhamaskus, tanah ing
Ngêmas, praptanya hringku, panuju janma kang, rumêksa ing masjid, lagya
ngundhangi, kang arsa waktu, maring mandakiya, wancinira sampun, dungkap rahina,
Bedredin Hasan, sinèlèh ing kisma, cakêt kwarèng kitha, jim karo mêsat, 8.
bapraning kutha, tumulya umênga, miwah wus akathah, janma kang rêpat,
arsa atatya, kawismaya mulat, mring Bedredin Hasan, dene ngalèlèh, anèng bantala, muhung madarungki, rangkêpan lan mojah, ane kang
ngucap, wong iki kadi, mêntas atêtêmon, lan kalulutira, kasusu mulih,
9. kongsi tan kobêr, angrasuk busana, sawênèh amuwus, wong urip kathah,
sêsandhungannya, kirèngsun saratri, mau jêjagongan, êndêm-êndêman, lan katyangannya, kongsi wuru nulya, umimba ana kar-, yanira prêlu,
alun maluywa, lumêbu dumadak, tumêkèng don ringke, tan wrin sinêdya, 10.
wangwang kasuptan, kwèh ucaping janma, samya wanèh-wanèh, tan apatitis,
ing pêcanira, nulya rungkaning Be-, deredin Hasan kasi-, liring maruta, dadya kawingkis, pranajanirèku, tinon lalu pinge, akarya cangêng,
kang samya manon, kongsi asasanti, Bedredin Hasan ka-, gyat angalilir, 11.
gawokira ta-, n pae lan janma kwèh, wit kèksi sumèlèh, nèng dwarèng kitha,
kang dèrèng tau, inambah karuhun, lèn rinubung [180] de wong, kwèh samyandulu,
Bedredin Hasan, atanya mangkana, kula sinêrêpna, wontên ing pundi,
miwah ta paran, karsanta mring kula, ane wong sajuga, nauri angling, 12.
bagus duk kwara-, ning kutha puniki, mênga andika wus, pinanggih nglèlèh,
wontên ing ngriki, sasuwene kita, samya ngong ngawaskên, punapandika, saratri wau, aguling nèng ngriki, lan kita punapa, sampun sumurup,
bilih sasana, andika nendrèki, dwaralaning kutha, prajèng Dhamaskus, 13.
Bedredin Hasan, anauri angling, kwarèng kitha Dhama-, skus kadi paran, kita sêmbrana, duking ratri wau, ngong tumamèng tilam, anèng Kairo,
sakwèhning janma, kang rumêngya lingi-, ra Bedredin Hasan, sawênèh wêlas,
pamuwusira, eman têmên janma, lali ta mangkana, têka awiwal,