Hastakuswala, lampah 23, pêdhotan 6-6-6-5

2. tan kuwawa nahên, bramatya mawêrdhi, bêngis andikanya, apa ta iku, pamalêsira mring, kasudarmaningsun, dènira ngêsorkên, panjênêngan ngong, de sun darbe karsa, anggarwa sutanta, sun kuwasa malês, marang ing sira, wit kita digdira, ngunggulkên janma lèn, ngêsorkên wandèngwang, dêmi Allahu, 3. sutanira nora, sun lilani laki, liyane kalawan, abdyèngsun tukon, ingkang wus atua, lan adhah pribadi, wusnya ngling mangkana, rêkyana patih, tinundhung umulih, lawan têmbung saru, patih dyan lumèngsèr, sing byantaraji, umêsat maluywa, sru sungkawèng driya, wangwang sri narendra, matag nimbali, 4. abdi gamêl siki, wungkuk tur abucu, sing antyadhahira, kêni kinarya, mêmêdèni rare, sri sigra mangagnya, mring patihira, sutanya pinrih, dhaupkên kalawan, pakathik drukanta, paningkahira nèng, ngarsa narendra, de layang jangji pa-, ningkahira wau, katandhan ing sêksi, nèng byantaraji, 5. dupi wus atata-, tata wiwahanya, ing mangkya sakwèhning, pra amadira, priyayi sajroning, nagara ing Mêsir, ngumpul sadarum nèng, dwarèng patirtan, samya ngrênggêp obor, manganti praptaning, gamêl wungkuk bucu, saking padusan, awit gamêl ika, lagyadus nèng ngriku, sa-[168]-mangsanya uwus, arsa dèn arak, 6. mring goning pangantè-, n èstri sutèng patih, de pangantyan wadon, wus asiaga, ing saangkatingwang, saka ing Kairo, kwèh priyayi èstri, padha garêbêg, pangantèn wanodya, nèng pathika magêng, miwah arêpatan, hringku sadarum, arsa amêthukkên, praptaning pakathik, ngong anon pribadi, pangantèn èstri, 7. lèn sun anamtokkên, singa janma miyat, yakti kawismaya, jim priya muwus, nadyan sira anga-, rananayu endah, ngong durung pracaya, yèn amunjuli, jêjaka puniki, kang liningan nabda, ingsun datan arsa, madoni sira, nanging sun ngarani, swaddha wong priyèki, ya diyan kinurên, lan sutanira, 8. Samsidin Muhammad, kang dhinaupakên, lan wong bucu mau, ngong darbe niat, amurwa lêlakon, mamrih ananggulang, prayojananira, narendrèng Mêsir, ingkang nora jujur, de ta rêmbug ingsun, yèn kêni priyèki, linirokêna, gamêl bucu wungkuk, kang sinabdan muwus, dahat bênêr sojar-, nira puniku, 9. lalu arsyaningwang, amiyarsakakên, rêmbug kang pinanggyèng, prananta iku, sun manadukara, payo murungakên, panganiayèng sri, nata ing Mêsir, manglipuring yayah, kang nir ing budinta, myang karya nohaning, sutanirèstri, kang samêngko nyipta, nèng jro kawiyogan, ingsun bakal nora, kurang pambudi, 10. mrih prasiddhanira, panedyanta mau, lèn ngong anamtokkên, ywan sira iya, arsa ngupasraya, ngong saguh amawa, jêjakèki maring, prajèng Kairo, tan kongsi ngalilir, de yèn wu-[169]-s kalakyan, kang sinêdyèng karsa, kita ngong patah, ngêlih wong priyèki, mring don liyanira, wusnyanti agosthi, kang yun linakyan, 11. dyan Bedredin Hasan, jinunjung aririh, dènira jim priya, winawa mumbul, acukat kamantyan, lampahira êjim, duk niyup Bedredi-, n Hasan pinarnah, nèng dwarayanira, wisma pawangunan, cakêt lan patirtan, gèning pakathik, kang lagya sêsotya, nujwarsa umahya, saking pasiraman, pra amad nganti, 12. nèng jawi sadarum, Bedredin Hasan ka-, la samana nglilir, sru kawismaya, tumingal nèng praja, ingkang dèrèng uning, sumêdya têtanya, wastani 89 nagri, ananing jim priya, saksana aririh, jawil pundhakira, pinênging ucap, dyan Bedredin Hasan, dén ulungi obor, pangucaping êjim, kita momora 13. janma kathah-kathah, kang padha nèng ngarsa-, ning baprèng patirtan, lèn tumutura, umahas kongsi pra-, pta ing kamar magêng, goning janma padha, madêgi karya, pangantène priya, bucu yêkti sira, enggal nuli wêruh, yèn kita dungkap, tumama ing panti, lumakua anèng, ngiringane kanan, nulya malapang 90 , 14. wang masing kujinta, dumna mring niyaga, lèn kang samyambêksa, jalu myang èstri, yèn sira wus praptèng, kamar ywa malupa, ngêdum ardana mas, mring amad èstri, kang samya garêbêg, ing pangantèn jalu, mungguh pandundum ta, ing ardanèngku, ywa angèsthi owêl, umalap ing sa-, bakitira gêgem, kwèhning pitutur, 15. èstokna sadarum, aywa kêkurangan, dirikat tarampil [170], ywana kang dadi, 89 wastaning 90 malapa kawismayanira, miwah aywa wingwrin, kita dèn pracaya, maring sawiji, ingkang munggwing ruhur, iya iku Gusti, Allah Kang Misesa, amurbèng tuwuh, wus nyanti winulang, rèh kang yun linakyan, Bedredin Hasan marani, dwarèng patirtan,

58. Wisatikandhèh, lampah 12, pêdhotan 5-7

1. obornya sinu-, mêding suluh amad, kang anèng ngriku, sigra mor lan janma kwèh, sairib kadi, rencangira priyayi, prajèng Kairo, dyan tumutur malaya, 2. lèn janma kathah, umiring gamêl bucu, ingkang lagya u-, mimba saking patirtan, de janma bucu, ika nitih turangga, karunganira, buminata ing Mêsir, 3. rèhning wus rina, Rêtna Seherah Sadhe, kèndêl carita, ratrinya linajêngkên, atari lingnya, Gusti Patih Giyafar, lumajwèng kata, mring Sri Harun Alrasid, 4. pamuwusira, Bedredin Hasan sampun, nyakêti unggya-, nira kang ginwal gongsa, lawan kang sami, angigêl jalu èstri, sigra mangrogoh, kuji umalap wang mas, 5. pintên-pintên gê-, gêm samya dinumakên, maring kang mukul, gongsa miwah pambêkas, jalu lèn èstri, rèhning pangêdumira, tan ngowêl-owêl, mandhaga tanpa siring, 6. ing tandukira, asumèh ing pamulu, marma akathah, kang samyantuk arta mas, samya mangênyêp, maring Bedredin Hasan, dupi adangu, dènira maspadakkên, 7. têtela luli-, tanira tanpa cedha, kongsi tar bêsur, dènira samya mulat, lampahing janma, kwèh prapta regoli-[171]-ra, rêkyana Patih, Sahamsihidin Muhammad, 8. anêngggih uwa-, kira Bedredin Hasan, nanging kya patih, tan uning pisan-pisan, lamun puluna-, nira wontên ing ngriku, ingkang mangrênggêp, obor sami amênging, 9. sakwèhning janma, ingkang amawa suluh, tan suka manjing, wit sandeya manawa, ane rêsahan, miwah Bedredin Hasan, inggih pinênggak, nanging kang ginwal gongsa, 10. sami akèndêl, mojar tan yun lumêbu, yèn Bedredin Ha-, san tan linilan manjing, kawikanana, wong mudha iku dudu, batur têtukon, dulunên warnanira, 11. apa ta nora, katarèng nityanira, panduganingsun, iku wong anyar prapta, yun wruh ramenya, janma madêgi karya, jroning prajèngke, wusira pra niyaga, 12. nabda mangkana, wangwang Bedredin Hasan, pinrih malaya, munggwing madyèng wong kathah, sigra tumutur, umanjing ing jro wisma, sanadyan ingkang, rumêksèng kwara tan wèh, 13. oborira Be-, dredin Hasan inalap, wangwang sinungkên, mring janma liyanira, tandya Bedredi-, n Hasan winawa manjing,