Basanta, lampah 14, pêdhotan 8-6
amad priya tiga prapta, inagnyan mangkana, janmaku
28
enggal wêtokna, saka ring paprêman, dunungên madyaning kamar, agnyèku linakyan,
2. sajuga ngrênggêp murdamba, kang sawiji malih,
anandhak suku tumulya, ulun winêdalkên, saking ing paprêman wau, amad katrinira,
tinuding umalap pêdhang, wusnyantuk inagnyan, 3.
heh janma iku dèn gupuh, têngkêrên ing pêdhang, têngah bênêr yèn wus nuli, buwangên ing pase
29
, darapon minangsèng matsya, yèku ukuming wong,
kang ngong sihi malês cidra, dupi tinon lamun, 4.
amad ika tan agupuh, lumaksanèng agnya, laki amba malih muwus, paran kang siranti,
sapa ingkang tumangguha, gyan kita nglakoni, parentah ingsun mring sira, amad kang sajuga,
5. umatur dhumatêng ulun, sang rêtna paduka,
rèhning dungkap praptèng jangji, puput ingkang yuswa, sadèrèngira pralaya, yèn wontên karsanta,
punapa-punapa mugi, kapang andikakna,
6. ulun nabda minta lilah, amuwus sakêdhik,
pamintamba linilanan, ulun anjênggèlèk, mangênyêp ing laki matur, adhuh kadi pundi,
kauwusaning wandèngwang, punapa ta sampun, 7.
pinasthi amanggih lampus, sadèrènging mangsa, kularsa malih amuwus, nanging datan bakit, [33]
wit sêrêt dening hudrasa, ewadene ugi, lakyamba tan wêlas dulu, dêrês mangundhati,
28
janmèku
29
Kata ini seharusnya ditulis pasetran, namun untuk mengejarmemenuhi metrum tembang Basanta lampah 14 pêdhotan 8-6 maka hanya ditulis pase.
8. cipta amba tanpa karya, yèn winangsulana,
dahat aminta aksama, nging tan piniarsa, malah abdinya inatag, anandukkên pêdhang,
tan antara nyai sêpuh, inyaning lakyamba, 9.
prapta anyungkêmi pada, sakuwasanira, mamrih somyaning kang bêndu, turira mangkana,
dhuh bêndara rèhning tuan, timur praptèng agêng, kula ingkang anêsêpi, lan momong paduka,
10. mugi ulun kalilana, aminta sihira,
angaksamaa ring garwa, èngêta kalamun, paukuman kisas muhung, dhumawuh ring janma,
kang nglampahi dosa pati, yadian kalakyan, 11.
amadhêm garwa paduka, awon sêbutira, ênir keringan pukulun, ngatase kirna wyang,
mendah suwuring sujanma, karema matèni, wijiling wuwus kadyèka, nitya sru mêmêlas,
12. dadya sarèh krodhanira, wangsulaning wuwus,
lah ya sing sih ngong mring sira, tan èstu sun padhêm, nging kang dadi karsaningwang, amawaa ciri,
darapon salaminira, aywa bisa lali, 13.
marang kaluputanira, wusnyangling mangkana, amad sajuga inagnyan, mupuh ing panjalin,
jaja myang iga kawula, ing sarosanira, sru malècèt daging katut, kawula murcita,
14. tandya binayang ing abdi, mring wisma lènira,
anangkuni nyai sêpuh, kang mangupa drawa, de ênggèn kawula sakit, kongsi catur candra,
tan bakit umimba saking, paprêman kawula, 15.
wusanani-[34]-ra waluya, nging sakwèhning gèthèk, ingkang kadulwèng nrêpati, rikalaning wingi,
tumusing gitik tan ical, dupi wus kuwawi, lumaris nêdya sumusuk, malih maring wisma,
16. têtilaraning lakyamba, kang sampun ngêmasi,
nging sampun pinanggih curna, mung tilas kang maksih, ginêmpur saking pakèning, laki amba wau,
muhung margi sruning bêndu, pakarti mangkana, 17.
inggih èstu datan arus, ananging pukulun, sintên kang kawula gugat, awit kang niaya,
mring ulun tan kèksi-kèksi, sumêdya singidan, ing salaminya tumuwuh, amba tan wrini
30
don, 18.
sanadyanta sumêrêpa, ring gyanya dumunung, miwah tan indunging warni-, nira kang niaya,
wit saking laki kawula, gung pangwasanira, paran gyan kawula gugat, rèhning kajantaka,
19. ulun ngungsi gêsang maring, kangbok Sobehidhe,
kang sampun mêdhar carita, lêlampahanira, dhumatêng paduka aji, ulun amartani,
pataka pinanggyèng angga, kawula kinukup, 20.
mring kang êmbok Sobehidhe, yogya pangrêngkuhnya, pamulangira pinurih, nyabari pataka,
kang pinanggyèng wanda ulun, atari lingira, yaiku lakoning donya, ana kailangan,
21. ngamal myang kelangan kadang, miwah lakinira,
wênèh ana kaicalan, sakabèh-kabèhnya, kangbok anyariosakên, duk kapugutan sih,
anisirang Prabu Jaka, wit wiwekèng kadang, [35]