Nagabanda, lampah 18, pêdhotan 5-6-7

ingsun sakanca, anon warak siki, panca bakah lan liman, gajah kasrudug, ring cula wêtêngnya, watgata dyan jinunjung, ananging dupi, rudira lan lamak, ari kanang matênggya, marawayani, netranirèng warak, têmah wuta dyan ambruk 41 , 7. sun malih dulu, kukila rok prapta, manaut ing dipangga, lan warak ingkang, mêntas pancakara, karwèku cinangkêrêm, winawa mabur, apanta kinarya, pakaning anakira, lènira ingkang, ngong aksi nèng nuswa, wau tan sun sojarkên, 8. awit manawa, kapanjangên miwah, tan sarju ring driyanta, salaminira,[63]sun nèng nuswa Roah, iryaning wang kang siki, ngong ngurupakên, dagangan sayogya, nulya mentar sing nuswa, lêlana maring, pulo liyanira, myang kampir ring nagri kwèh, 9. unggyan wong dagang, wusananiranjog, mring praja ing Balsorah, sing ngriku tandya, numilag mring Badad 42 , wangwang kwèh dananingwang, sarya mong suka, sarana babêktan, kasugihan ngong wau, gyaningsun antuk, akanthi kangèlan, kalawan sru prihatin, 10. titi critanya, lêlampahanira, Sinbad kang kaping kalih, sigra mangatag, asung wang mas satus, malih marang ing Inbad, miwah pinurih, malih uwangsula, myarsakakên carita, duk lampahira, ingkang kaping tiga, sakwèhning kang dhatêngan, 11. sowang-sowangan, umantuk samoa, enjing uwangsul malih, mring wismèng Sinbad, manuju ing mangsa, lir ingkang wus kalakyan, Inbad pan inggih, tumutur uwangsul, kongsi mèh datan èngêt, kamlaratannya, ingkang wus kalakyan, wangwang samya alênggah, 12. umunggwing kursi, ngarsakkên pan aji, sawusira anadhah, Sinbad adarbe, paminta mring tami, samya miyarsakêna, caritanira, dyan Sinbad muryani, ing lêlampahanira, 41 Bait ini kelebihan satu baris adisi. 42 Bahdad mambah samodra, kaping tiganira, atari wuwusira, 13. saking pragnyana, mamba anyudagar, ingsun tan kaèngêtan, mring pancabaya, kang pinanggyèng wanda, duk linggar kaping kalih, rèhning ngong maksih, taruna lan lagya, amêmpêng wayahira, enggal abosên, ngêndhêm anèng wisma, sakwèhning wisthèng ngênu, 14. datan kalingling, ciptèng tyas tan wingwrin, [64] malih angayonan, ngong sigra mentar, sing praja ing Bahdad, maring nagri Balsorah, umawa barang, dêdagangan kathah, nunut para juragan, numpak banawa, laminèng jêladri 43 , akathah palabuhan, 15. kang ing ngampiran, anangka ngong sade, tinukupan akathah, nuju sajuga-, ning ari kang palwa, sinêrang ing prahara, nir kumudhinya, sru akontrang-kantring, apan kongsi alama, nèng jalaniddhi, ing wusananira, sru winawa ing ngalun, 16. palwa kabuncang, maring palabuha, -ning mandhala sajuga, de ta kapitan, arda ring pamuji, aywa kongsi umambah, plabuhan ika, ananging kinêdya, anglabuha kang jangkar, kèndêl nèng ngriku, dupi layar sampun, ginulungan sadarum, 17. kapitan warta, mring sun lawan kanca, bilih nuswa punika, myang kanan keri-, nira 44 dadya dhangka-, nirèng janma alasan, samya awulu, tan wun ika ngrampid, ingkang anèng banawa, sanadyan wujil, tan kêni linawan, wit saking kathahira, 18. ngungkuli wancak, yèn kongsi kalakyan, pinadhêma sajuga, tan wun kirna wyang, kang munggwing banawa, tinumpêsan sadarum, dupi aruna, sampun sumuluh ring, pathikèng Sri Sèhriyar, Seherah Sadhe, kèndêl dènnya crita, ing ratrinira malih, 19. andumugèkkên, dêlinging kapitan, mawèh erohing janma, kang anèng palwa, tan antara dangu, ingong kalawan kanca, 43 jaladri 44 keringira samya andulu, kayêktèning crita, anon janma alasan, samyandhatêngi, pira-pira kèhnya, antyadhah tekang warna, 20. wulunya rêkta, sumrambah ing wanda, ruhurira sakaki, sigra ngalahya, tan antara dangu, kang [65] palwa wus kinêpung, prapta marani, sarya anênantya, ananging datar ana, mudhêng basanya, nulya acêpêngan, têmbing ingkang banawa,

22. Madurêtna, lampah 12, pêdhotan 5-7

1. wênèh mangrênggêp, pusaraning kang palwa, wangwang umanjat, anindya cukatira, pangrasa suku-, nira datan tumapak, ingong lan kanca, wêrdya kumel umiyat, 2. pratingkahira, manjat nurut pusara, kadi andika, saged dugi sotèng tyas, ingsun lan rowang, rikala ing wêktwèku, kirna wong palwa, tan ana kang lumawan, 3. miwah sawala, nguni wèh dira nantya, panêdyanira, te kang janma alasan, awit kinira, tan wun bandakalani, tandya layaring, palwa samya rinucat, 4. tambanging jangkar, tinêngkêr tana mawi, ing ngêntasakên, jangkarira karuhun, ri wusnya palwa, cinakêtkên mring nusa, ingsun lan rowang, winimba sing banawa, 5. palwa ginèrèd, pinisahakên têbih, mring nuswa liyan, ngong lan kanca sadarum, midêr ring nuswa, pandulwèngsun sru sintruk 45 , lamun kandhêga, anèng ngriku kewala, 45 sintru 6. de sumarmanya, mangke ingsun wartani, samana ika, tan bakit mingkaraning, bahya kang arsa, pinanggyèngong lan kanca, kêdah sinandhang, kalawan sabaring tyas, 7. nulya numilag, lampah ngong wus ngungkurkên, têmbing samodra, wangwang tumamèng nuswa, hringku amanggya, wowèhan 46 miwah rondhon, ing sawatara, yèku minangka boga, 8. sakuwasèngwang, mamrih angonjot tuwuh, kang wus acêpak, nênggih ing puputira, wit ngong samoa, mung ngarsa-arsa laya, sotaning [66] driya, tan kêni sininglaran, 9. saking mandrawa, ingsun andulu wisma, ingong parani, lawan rowang sadarum, dupi wus cakêt, dumêlinging pangèksi, wismèku apan, pura dahat mahalêp, 10. miwah aruhur, dwaranira winarni, tangkêban kalih, sun grayang nulya mênga, sigra ngong manjing, manon kamar gêng siki, kalawan bangsal, iringing pandhapèku, 11. ingkang sasisih, ngong myat pra tulang janma, atêtumpukkan, sasisihira malih, kwèh sujèn kèksi, pranti akarya opor, ingsun lan kanca, andharodhog tumonton, 12. saking sru payah, tar èpên umadêga, dhèprok ing kisma, katrêsan lir pralaya, antara dangu, andhèprok tan sukarta, aditya surup, ngong samya kawlas asih, 13. tantara dangu, dwaraning kamar mênga, 46 wowohan