Madurêtna, lampah 12, pêdhotan 5-7
6. de sumarmanya, mangke ingsun wartani,
samana ika, tan bakit mingkaraning, bahya kang arsa, pinanggyèngong lan kanca,
kêdah sinandhang, kalawan sabaring tyas, 7.
nulya numilag, lampah ngong wus ngungkurkên, têmbing samodra, wangwang tumamèng nuswa,
hringku amanggya, wowèhan
46
miwah rondhon, ing sawatara, yèku minangka boga,
8. sakuwasèngwang, mamrih angonjot tuwuh,
kang wus acêpak, nênggih ing puputira, wit ngong samoa, mung ngarsa-arsa laya,
sotaning [66] driya, tan kêni sininglaran, 9.
saking mandrawa, ingsun andulu wisma, ingong parani, lawan rowang sadarum,
dupi wus cakêt, dumêlinging pangèksi, wismèku apan, pura dahat mahalêp,
10. miwah aruhur, dwaranira winarni,
tangkêban kalih, sun grayang nulya mênga, sigra ngong manjing, manon kamar gêng siki,
kalawan bangsal, iringing pandhapèku, 11.
ingkang sasisih, ngong myat pra tulang janma, atêtumpukkan, sasisihira malih,
kwèh sujèn kèksi, pranti akarya opor, ingsun lan kanca, andharodhog tumonton,
12. saking sru payah, tar èpên umadêga,
dhèprok ing kisma, katrêsan lir pralaya, antara dangu, andhèprok tan sukarta,
aditya surup, ngong samya kawlas asih, 13.
tantara dangu, dwaraning kamar mênga,
46
wowohan
anindya gumrit, sun mulat janma cêmêng, mijil sing kamar, ingkang umênga wau,
warna protbuta, ruhur lir wrêksa kurma, 14.
netra mung siki, munggwing madyaning bathuk, rêkta lir wong wa-, dhrasthèng ngarsa apanjang,
lungid amrongos, gêngira angungkuli, untuning wajik, lambe ngandhap anggandhul,
15. têkèng pranaja, talinganira mèmpêr,
karnaning liman, kongsi nasabi pundhak, kuku ambêngkuk, panjang angkên kukuning,
pêksi garudha, dupi ngong lawan rowang, 16.
mulat rasêksa, protbuta kang kadyèku, lalu murcita, sampun prasaksat lalis,
wusnya samyèngêt, wilênggah nèng pandhapa, ingsun kinênyêp, miwah kanca sawêgung,
17. wusnya tamating, [67] panyawang gya mrêpêki,
ingsun rinênggêp, saking cêngêl anulya, ing ngolag-alig, kadi umpamanira,
jagal angolag-,-alig sirahing kambing, 18.
dupi rasaksa
47
, wus angiling-ngilingi, ngong inguculkên, ciptèngsun wit sing runting,
mung kantun tulang, lamun crêma kewala, sakwèhning kanca, agantya dèn ilingi,
19. pratingkahira, kadi winuwus wau,
rèhning kapitan, ingkang lêma pribadi, wangwang rinênggêp, kadi ingsun yèn mikut,
kukila alit, dyan cinarit ing sujèn, 20.
nulya akarya, agni sigra pinanggang, ri wusnya matêng, winawa mring pathika,
47
rasêksa
tandya binukti, wusnya nadhah atatya, malih mring bangsal, nendra sru pangoroknya,
21. gumlêgêr kadi, swarèng kêtug ngajrihi,
dènira supta, kongsi tumêkèng enjang, ngong lawan rowang, tan angraoskên guling,
ing driya tansah, sênig-sênig kewala,