Wohingrat, lampah 24, pêdhotan 6-6-6-6
5. drapon panguswanya, ywa kadulwèng kathah, ulun ngrucat kudhung,
juragan tan ngaras,
nging manjatèng pipi, mijil kang rudira, saking sruning kagèt, miwah kasakitên,
pan kongsi murcita, kongsyantara dangu, ulun lupwèng jiwa, ki sudagar sigra,
nginêb warungira, tumulya wisata, dupi sampun èngêt, rumaos pipyamba,
6. mijil kang rudira, ni nyai lan amad, gupuh nandhak kudhung, tinutupkên
malih,
ing wadana ulun, mamrih janma kathah, kang prapta angrubung, sampun kongsi wikan,
kinira kewala, kawula murcita, Kèn Seherah Sadhe, umiyat wus rina, kèndêl dènnya crita, pamanggyèng Sri Riyar, caritèku elok, yun wruh
candhakira,
7. ratri Serah Sadhe, dumugèkkên kata, turnya Amine mring, Sri Harun
Alrasid,
duk ni sêpuh uning, yèn ulun watgata, dahat wêlasira, sakuwasa mamrih, nir kagèt lan wingwrin, turira mangkana, aksamanta sang dyah, kang
kawula pinta, wit kula kang dadya, [30]sumarmèng pataka, etunta sang rêtna, kawula
yaturi,
8. tumamèng warunging, sudagar taruna, awit tunggil jinis, kalawan
kawula,
tan pisan anyana, yèn dur ing pratingkah, sampun walang driya, suwawi umantuk,
ywa kongsi kadangon, kula ingkang badhe, naosi usada, ing dalêm tri ari, sayêkti waluya, tan wontên tumusing, kanin sakêdhika, kunêng aturira,
9. sing sruning murcita, kongsi nir kang bayu, mèh datan kuwawi, lumaris
umantuk,
sapraptambèng wisma, wangwang kantu malih, anèng jro pathika, ni sêpuh umasung,
usada mring amba, wusnya èngêt sigra, tumamèng paprêman, ratri kawuwusa,
laki amba prapta, manon murda pipi, samya ulun bêbêd, tanya sumarmanya,
10.
mastaka lan pipi, binêbêd kalihnya, amba anauri, lagya sakit puyêng,
nging tan pati dahat, lan tan dadya paran, laki ulun sigra, malap pandam lilin,
amba sinuluhan, kèksi pipi kanin, tinanya pagene, pipinta watgata, sanadyan rumaos, botên patos agêng, kalêpatan ulun, bab kang wus
kalakyan,
11. inggih lalu wingwrin, malèhkên kang dadya, sumarma sayêkti, anyipta
datan wun,
karya bêndunira, marma saur amba, rèhning arsa sampun, paduka lilani, mentar atêtumbas, wastra lêlêmêsan, lampah kula prapta, ing lêlurung
ciyut, ane janma siki, lagya ngrêmbat wrêksa, dènira lumaris, cakêt lawan
ingong,
12. wrêksa kang wi-[31]-nawa, nocog pipi kula, nanging kaninira, taman
patos sangêt, atur kang mangkana, wèh rêngating driya, mring janma kang nocog, itina
lingira, kaluputaniku, yêkti kênèng ukum, sesuk ngong wèh agnya, mangrênggêp
kirna wyang, ingkang adol kayu, arsa ingsun kinèn, gantungi sadarum, sing kuwatos
ityas
27
,
13. dadya jalaraning, pêjah janma kathah, ingkang tanpa dosa, ulun malih
nabda,
27
ing tyas
lalu karya unêng, yèn tuan kongsia, amrêdi wasesa, nganiaya janma, paminta kawula mugi sinandèkna, karsa kang kadyèka, awit badhe pintên,
kwèhning dosa ulun, yèn kongsia dadya, sumarmèng pataka gêng, laki amba mojar,
14. lah sira waleha, ing sayêktinira, paran ta marganya, kita nandhang
brana,
kawula nauri, duka wau wontên, janma sade sapu, sarya nitih kuldi, nèng wuri kawula, wit saking sêmbrana, tuwin tunèng yitna, non kanan
mwang kiwan, têmah ngong kaharuk, dening kuldinira, ulun kongsi tiba, pipi kaprawasa,
15. ing rêmêkan gêlas, wuwusing lakyamba, yèn kaya mêngkono, ing ari suk-
esuk,
ywan arka tumambang, samangsa kya Patih, Giyafar udani, babing kaluputan,
kang minaha iku, yêkti saliring wong, ingkang adol sapu, pinadhêm sadarum,
kawula sumambung, aksamanta tuan, awit botên sisip, sing wong sade sapu,
16. laki ulun nabda, paran kang ngong gugu, turira kang yêkti, sun kudu
sumurup,
sing wartanta dhawak, ulu-[32]-n anauri, ing sayêktinira, sing tunaning yatna,
kawula pribadi, dhawah tanpa krana, dupi ulun ngucap, kang kadya mangkana,
lakyamba tan drana, lingnya pan wus suwe, gyan ngong miyarsakkên, dora caranira,